Page 43 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 43
Thukul ing Lemah Nela
Lakune gegancangan. Sapa wae sing kepethuk
neng dalan mesthi ditakoni, sapa sing nduwe wit kelor.
Nanging kabeh sing ditakoni godheg, malah semu
ngguyu. Awit jaman saiki kok isih neka-neka sing
digoleki.
“Wit ora aji, gelombang cinta ae wis ngguwak
brung, gek kanggo apa kuwi, saiki usume manuk?”
kandhane Bulus marang Kanciludin.
Dheweke rada runtik neng ati yen krungu
wangsulan sing sajak ngremehake marang wit kelor.
“Awakmu ora ngerti gunane,” kandhane Kancil-
udin.
Karepe dheweke nambong mbokmenawa Bulus
ngerti babagan godhong kelor. Isa kanggo nambah
wawasane bab godhong kelor.
Nganti titi wanci iki, bab godhong kelor isih adoh
saka panjangka. Kamangka umpamaa weruh neng endi
dununge mesthi diparani, dipocok lan ditandur neng
kebone. Rana-rana takon sisik melike wit kelor ora ana
sing weruh. Kanciludin mandheg mangu.
Dheweke ngetung jangkah lawang pawon tekan
lawang ngarep lan wiwit muni.
“Golek .... ora .... golek .... ora ..... .”
Tekan lawang omah pas tiba golek. Pindha nemu
cepaka sawakul, niyate makantar-kantar, ndang-ndang
golek wit kelor. Ngantia pojok donya tetep arep
digoleki lan arep mocok wite. Nyabranga samodra ora
perduli, ninggal anak bojo ora perduli. Ing pikirane
mung wit kelor lan wit kelor.
Sawahe wis blas ora nate diinguk. Lan sing wedok
anggone nyaprut wis ngluwihi canthike prahu.
Kanciludin ora nggagas, budhal peteng mulih peteng
golek wit kelor. Mula najan tekan omah ora ana
35 | Godhong Kelor