Page 44 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 44
Thukul ing Lemah Nela
cepakan kanggo dheweke, Kanciludin ya mung
meneng. Ngelihe weteng blas ora krasa. Isine mung
wareg lan wareg karo karep golek wit kelor.
Awan kuwi Dares mara neng omahe Kanciludin
karo nggawa bongkokan sing diwadhahi karung. Isine
lonjoran wit kelor sing diketok sameteran, bongkote
uga wis dilincipi. Kaya apa bungahe ati weruh pocokan
kuwi.
“Iki tuku lo, Cil, salonjor limang ewu.”
“Ora sah limang ewu, siji satus ewu taktuku,”
kandhane karo rada mencereng neng Dares.
Sesuke srengenge durung mlethek, Kanciludin wis
adus kringet nggawe joglangan neng kebon kiwane
omah kuwi. Satus joglangan kebak karo tancepane wit
kelor. Sing wedok nangis gero-gero weruh wit gedhang
sapirang-pirang kabeh ditegor.
“Bojo edan,” kandhane sing wedok karo mbanting
lawang kandhang.
Dheweke mung mesem weruh sing wedok kaya
ngono. Batine, ya rasakna donya ora sagodhong kelor,
aku bisa ngena-ngene.
“Iki walesku kanggo kowe, Mbok!” kandhane
jroning batin.
Ora let suwe pocokan wit kelor iku trubus lan semi
godhonge. Pendhak-pendhak arep nyang kebon sing
mung kari njangkah lawang, Kanciludin mesthi adus
kramas reresik awak. Suket sing thukul ing sela-
selaning wit kelor dibabut diguwak neng kandhang.
“Niat ingsun mugi kinabulan,” ngono dongane.
Wite kelor mrajak lan edhum godhonge, atine ya
mrajak lan edhum. Kathik yen hawane panas kaya
ngene iki, bisa kanggo ngisis. Kanciludin ngenam rasa
seneng bisa nduweni tanduran, najan aran wit kelor.
Supriyoko | 36