Page 50 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 50
Thukul ing Lemah Nela
Najan remeng-remeng nanging katon bocah cilik
sapantaran anake. Kathokan putih ote-ote, sirahe
gundhul. Tangane sajak ranggeh-ranggeh. Nanging apa
sing diranggeh Kanciludin ora ngerti. Meruhi kahanan
kaya ngono, angen-angen banjur tumuju marang Dhe
Banyak gundhul. Genah iki mesthi ingon-ingone dhe-
weke. Lampu teploke saya nemen mobat-mabite.
dheweke saya genah anggone nyawang.
“Awas Dhe Banyak, takcekel ingon-ingonmu,”
kandhane karo njupuk rinjing sing nyenthel gedheg
sandhinge.
Tangane grayah-grayah wadhah bumbon, tangane
nyandhak wadhah uyah banjur rinjing diusapi uyah
nganti rata. Embuh karepe piye, dheweke jane ya ora
ngerti. Mung sing dadi karep arep ngrangket gundhul
kuwi kanthi dilebokake rinjing. Jebul rekadayane kasil,
kanthi laku sing alon lan ngati-ati lan lambe ndremimil
gundhul kasil dikurepi rinjing.
“Apak ... apak. Aku ola isa etu.”
Keprungu sambate sing neng njero rinjing, Kancil-
udin ora nggagas. Malah ketok bungah, esem diumbar
sumringah.
“Modhara kowe Ndhul lan Dhe Banyak,”
kandhane sajak marem.
Bebarengan karo lerene udan, Kanciludin lagi bisa
merem. Turu sandhing rinjing sing njerone Gundhul
sing nangis ndrenginging.
Nanging beda banget karo sing dialami dening
wong sing gundhule kecekel kuwi. Sewengi utuh ora
bisa turu. Senthong tengahe isih mbukak. Menyan wis
ilang ganda lan kukuse.
Esuke nalika tangi, isih keprungu tangis saka njero
rinjing. Tujune anake wis diparani simbahe jare arep
Supriyoko | 42