Page 54 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 54
Thukul ing Lemah Nela
Pancen layone durung didusi. Amarga welinge Blengur
bapake didusi neng omah wae.
Swara sirine gemontang mecah ratan lan gang sing
tumuju menyang omahe Dhe Banyak. Kanciludin melu
numpak montor ambulan sandhing layon. Liyane
mlaku nurut dalan trabasan sing luwih cepet teka. Ing
njero montor Kanciludin ngandhakake pangapurane
uga aweh pangapura marang dhe Banyak. Najan
mangkono kanggo ngguwak rasa pitakonan ing atine,
dheweke banjur nyingkap jarik sing nutupi layon.
Kanciludin ndengengek nganti kegadhug, ambeg-
an banter, tangane ngewel. Awake banjur teles kebes
karo kringet. Sesawangan sing lagi wae dialami iku
jalarane. Awit nalika nyingkap jarik iku mau bathuke
Dhe Banyak putih kabeh karo wedak bayek kaya dene
Gundhul sing neng njero rinjing pawon.
Nganti layon tekan omah, didusi lan dilebokake
pendhosa, Kanciludin isih thong-thongen bathuke Dhe
Banyak.
“Aku takbali dhisik, lali pitikku durung tak-
pakani,” kandhane marang Pak Precil sing lungguh
neng sandhinge.
Tekan omah tanpa srantan rinjing dibukak.
Gundhule ilang, sega jemek isih lemekan godhong jati.
Lan dhuwik seket ewu uga gemlethak neng kono.
Kanciludin mbengok sakatege.
“Mbokmu dhuwike temu!”
dQD
Supriyoko | 46