Page 58 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 58
Thukul ing Lemah Nela
"Nika taksih teng montor."
Bu Prihatin crita larane Reza pas melu bal-balan
wingi. Lan kandhane ora apa-apa, mung abuh sithik lan
wis pijet. Esuk mau wis bisa kanggo mlaku najan rada
kecancikan lakune. Bal-balane rame banget, sing
menang kesebelasane bocah-bocah kost lan sing
ngegolake kabeh Reza.
Ora let suwe Lilik mlebu karo nggawa jajan
jenang wadhah besek merk Bu Kar lan diseleh neng
meja sandhing akuarium.
"Sugeng, Bu, rawuhipun?"
"Ibukmu sewengi utuh nangis, Le."
"Ibuk nggih ngaten niku, niki namung abuh
sekedhik. Dalune dipunteraken kanca kalih bapak kost
teng griya sakit lan dipunrongent boten napa-napa.
Niki kangge napak pun saged," wangsulane Reza.
"Menika yoga kula nomer kalih, setunggal
angkatan kalih nak Reza. Lan mangga dipununjuk"
Sawise ndeleh suguhan neng meja banjur salaman,
lan nepungake jenenge Eni.
Reza ngajak ibuke mara menyang kamare. Kamare
Reza manggon ing pojokan sisih tengen. Marga melu
ibuke, bapake sawetara jagongan karo Bu Prih.
“Kamarmu pindah kene ta, Mas?”
“Nggih, Buk. Teng mriki namung kula piyambak.
Nanging kala-kala wonten kanca ingkang tilem mriki.”
“Nek pindah kamar kok gak matur bapak utawa
ibuk, sasene apa ora tambah?”
“Boten, Buk. Menika kersanipun ibuk kost
piyambak. Kula tangkletaken sasenipun, ngendika-
nipun sami.”
“Mas kuwi kok kaya gambare bocah mau ya?”
“Iya, Dhik.”
Supriyoko | 50