Page 60 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 60
Thukul ing Lemah Nela
nelpon. Wose rembug Bu Prih arep menyang
Ngimbang Lamongan amarga ana bel ndadak lan dina
iki uga kudu rana. Ora lali Bu Prih uga ngaturake
nyuwun sepura sing gedhe. Semono uga bapake Reza
uga ngandhakake sepurane.
Tekan sacedhake jerapah, bapak lan ibuke Reza
dikagetake tekane Eni sing wis ngadeg ana kiwane
Reza.
"Bapak ibu,” kandhane Eni karo salaman.
“Lho nak Eni kok wis neng kene, apa diutus
ibukmu?"
"Inggih mapag Mas Reza," kandhane sajak semu
isin.
Tekane Eni saya tambah gayeng, bocah telu mlaku
neng ngarep, bapak lan ibuke neng buri. Kanggone
Ratimin lan Lilik, papan iki nalika pas kuliah kae kena
diarani papan favorite. Panggonane endah, hawane
seger lan kewan-kewane isih jangkep. Mlebune murah,
nanging bareng saiki rene, kahanane wis seje banget.
Hawane wis ra seger, reged, kewan-kewane wis akeh
sudane. Sawise padha sholat Ashar, banjur ninggalake
papan kuwi.
“Bu menika titipan saking ibuk,” kandhane Eni
karo ngelungake kresek marang ibuke Reza.
“Ibukmu kok repot wae ta nak Eni. Iya-iya matur
nuwun, aturna ibuk ya aku langsung pamit. Mas Reza
ibuk lan bapak bali dhisik. Neng kene sing ati-ati.”
“Nggih, Buk,” kandhane Reza karo salaman bapak
lan ibuke, semono uga Eni banjur nyalami bapak lan
ibuke Reza lan Marga.
Baline Reza mbonceng Eni. Ing batine bapak lan
ibuke padha-padha ndonga muga klakon apa kang dadi
karepe anake, golek kawruh lan dalaning urip ing kene.
Supriyoko | 52