Page 64 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 64
Thukul ing Lemah Nela
kulon cedhak alas Margomulyo kang ora diliwati
Bengawan Solo. Mangsa rendheng dadi berkah kanggo
para warga ing kene amarga lemah-lemah isih bisa
ditanduri. Beda yen wancine ketiga, lemah-lemah
padha nela. Ditandurana tela dadine ya ora mingsra.
Sanajan desaku ora katut kebanjiran uga melu
ngrasakake. Barang-barang kabeh sarwa mundhak,
rega uyah sing biasane murah ya melu grayah-grayah
mundhak.
Dumadakan aku njranthal mlayu merga keprungu
ana sing bengok-bengok ing njaba, nganti kopi sing
isih setengah gelas mblambang mili neng klasa merga
gelase kesampar sikilku.
“Esus... esus...!” kandhane Sukiman karo isih
nyengklak sepedha montore sing uga swarane ngalah-
ake selepan mubeng.
Wong-wong gage padha metu samar yen kebrukan
omah.
“Ana apa, Man? Ana apa?” kandhaku kebak pita-
konan.
“Ana esus teka idul, dhela eneh ekan ene,”
kandhane karo nudingi rerupan ireng munyer ing
langit.
“Astaghfirullah,” kandhaku sora, banjur gage
mlebu omah amarga kelingan anakku sing cilik turu.
Tekan lawang meh wae tubrukan karo bojoku.
“Anakmu endi!” Aku lan bojoku mung pandeng-
pandengan ora ngerti apa kang bakal ditindakake.
“Lha neng endi mau,” semaure bojoku.
Kaya Baladewa ilang gapite krungu saurane
bojoku. Dakkuwatake sikilku njangkah tumuju sen-
thong, anakku gage dakgendhong dakjak metu.
Supriyoko | 56