Page 67 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 67
Thukul ing Lemah Nela
Lagi sajangkah aku mlaku, saka sisih kidul kepru-
ngu swarane wong-wong sing pating bengok. Nanging
saiki wis beda, bengok-bengok seneng ngucap syukur
marang Gusti.
“Muga-muga kabeh slamet ya Mbah Jan, ora ana
apa-apa,” kandhane Lik Dayan.
“Iya, iki pandongane,” wangsulane Mbah Karjan.
“Sinten sumerep yoga kula?” pitakonku marang
wong-wong kuwi.
“Lha napa mboten kalih ibuke,” wangsulane sakeh
wong kang saya njalari aku bingung, nerusake nggo-
leki anakku apa mbaleni anak bojoku ing tegale Kang
Jaya. Mandheg mangu kaya enthung bingung endi elor
endi kidul.
“Dhik Supri.”
Aku banjur noleh memburi. Jebul anakku sing
mbarep digandheng Pak Dhe Tarmin lan sing nomer
loro digendhong. Loro-lorone banjur dakrangkul kanthi
kebak rasa bungah, lan ora lali ngandhakake panuwun-
ku marang Gusti uga marang Pak Dhe Tarmin.
“Ngga saniki njenengan ajeng wangsul napa ajeng
teng pundi, kula badhe nyusul buke anak riyin,”
kandhaku karo ngusap eluh ing pucuke mripat.
Tekan tegale Yu Rinem, daksawang bojoku mlaku
nggendhong anakku bareng karo wong-wong sing lagi
wae luru pandhelikan saka pangamuke lesus.
Lagi wae arep ngedhunake anakku saka pon-
dhongan, ana sing mbisiki menawa omahe juragan
Ganep ambruk. Najan semu ora percaya, aku gage
mlayu sawise masrahake anak-anakku marang bojoku.
Karo mlayu katon gawang-gawang crita setaun
kepungkur ngegla ing tlapukan mripat. Kedadeane
ngepasi bojoku arep babaran anake sing ragil. Laire
59 | Tali Sambung