Page 68 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 68
Thukul ing Lemah Nela
anakku kudu operasi kathik cepakan dhuwik ora cukup
yen kanggo operasi. Karepku adhang-adhang tetese
embun marang tangga kiwa tengen golek utangan
kanggo jangkepe operasine bojoku. Mula sedina
sadurunge bali saka rumah sakit, dakwanek-wanekake
golek sendhalan marang Pak Ganep sing kondhang
sugih mblegedhu.
Bali saka omahe praupanku peteng dhedhet, kaya
langit wengi tanpa lintang lan rembulan uga petenge
langit nalika ana dahuru sing lagi wae teka isih peteng
praupanku lan uga atiku. Bareng ketemu karo bojoku
dakkandhakake dudu dhuwik sing dakgawa, nanging
rasa isin lan laraning ati. Kang dakrasakake kok isih aji
godhong garing tinimbang awakku.
“Wo alah Pri... kowe kuwi wong anyaran neng
kene wis wani golek utangan dhuwik, sing kokenggo
nyaur apa kertasmu salembar sing karan SK kuwi?”
Ora mung kuwi, isih ana maneh tembunge juragan
Ganep sing gawe pingget tatu nggaler ing atiku nganti
seprene. Nanging bareng keprungu yen omahe juragan
Ganep ambruk, kok ya tuwuh welasku. Genahe tega
larane ora tega patine, ulat madhep ati manteb yen arep
nginguk omahe Pak Ganep. Mula gegancangan aku
mara menyang omahe juragan Ganep sing penere ana
kidul Kali Dogol. Omah gedhong magrong-magrong
kang manjila dhewe karo kiwa tengene saiki kari
umbrukan kaya dene larahan. Untunge juragan Ganep
saanak bojone slamet. Sanajan ing dina iki patuta
kandhang langit, bantal ombak lan kemul mega.
“Pak Ganep, ingkang sabar menika sedaya coba,”
kandhaku marang dheweke.
Juragan Ganep ora mangsuli, malah aku dirangkul
kenceng. Wong-wong sing weruh kaya ngene iki
Supriyoko | 60