Page 66 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 66
Thukul ing Lemah Nela
Playuku sipat kuping, sandhal jepit dakcangking,
playuku nyasak tegal sawah tumuju mara menyang
tegale Lik Parta. Lambeku ndremimil ndonga, muga-
muga anakku ing kana kanthi slamet. Iki dudu kaya
nututi layangan pedhot, iki perkara anak najan toh
nyawa tetep dakbelani. Lesus saya cedhak katon kaya
gangsingan listrik sundhul langit. Mendhung mawa
pedhut iku nggawa angin campur udan lan bledheg
kang gumlegar.
Angin saya krasa banter nampeg dhadha, go-
dhong-godhong garing kabur kemleyang. Pange wit-
witan mobat-mabit keterak angin. Dlamakan kang
krasa perih keneng krikil lan lancungan ora dakpaelu.
Larane ora sepiraa yen dibandhing ora nyandhing anak
ing kahanan kaya ngene iki. Meh wae playuku kesabet
sempale pang pelem sing ceblok ing ngarepku.
Aku kandheg sawetara nyoba manekake nyawang
langit. Kaya apa kagetku nalika meruhi langit sing
maune peteng dhedhet saiki katon saya padhang lan
saya padhang, udane uga ilang. Wewangunan ireng wis
ilang embuh ing ngendi parane.
“Matur nuwun Gusti, prahara menika sampun
leren.”
Aku nyawang kahanan ing sakiwa tengenku.
Sakeh tanduran lan wit-witan isih panggah kaya wingi
uni. Abure manuk glathik lan prenjak ngrenggani
padhange langit uga ciyete anakan ciblek lan kacer
keprungu endah saka wit ringin gedhe. Ing panyawang
sing ora gawe kepenak mung sempalan pang pelem ing
ngarepku. Sempalan pang iku dakjarake tanpa wani
tanganku ndemek nyingkirake saka dalan kuwi.
Karepku iki kanggo tenger anane dahuru ing desaku.
Supriyoko | 58