Page 70 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 70
Thukul ing Lemah Nela
“Iya bener kuwi, yen rukun agawe santosa, crah
agawe bubrah,” kandhane Mas Jamin kang lagi wae
teka.
Ora krasa anggone gotong-royong ngewangi
sanggane Pak Ganep wis mlaku seminggu. Bongkahan
tipet omah wis resik, isen-isene omah blas ora bisa
dikukut, perabot saka kayu diklumpukake kanggo
adang lan olah-olah. Let rong ndina akeh trek mlebu
metu desa Margomulyo nggawa material kanggo
mbangun omahe Pak Ganep.
Wong-wong dakgilir anggone gotong royong
ngewangi mbangun omah, ana sing kejatah esuk nganti
sore, liyane awan nganti tekan sore. Lan sing dadi
tukang bayarane ora kaya bayaran umume. Kabeh wis
dadi karep ing ati, sedya tetulung marang Pak Ganep
kang lagi nandhang susah. Aku saben bali kerja mesthi
cucul tenaga nganti sore.
“Iki batane teka,” kandhane Pak Gimin.
Wong-wong kaya rindhik asu digitik langsung
krengkang-krengkang tangi kamangka lagi wae leren
karo ngedhep kopi lan nyamikan tela goreng. Bata
diulang-ulungake, ora krasa isine trek wis entek.
Wong-wong nerusake ngombe kopi. Aku lan Pak
Ganep lungguh jejer, kandhane sasuwene turu neng
omahku bisa kanggo sinau ngenani urip. Kanggone
dheweke aku kaya dene gong lumaku tinabuh. Aku
mesem krungu kandhane.
Ora krasa wektu wis ngancik rong sasi, omahe Pak
Ganep wis madeg. Wong-wong padha bungah, semono
aku bungahku tanpa kinira. Lan kang cetha karo
tangga-tangga Pak Ganep saiki wis malik grembyang.
Yen biyen anggak, saiki grapyak semanak.
Supriyoko | 62