Page 74 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 74
Thukul ing Lemah Nela
Lilik iku anak ragil saka sedulur cacah papat.
Kabeh sedulure cul saka omah. Sing mbarep mbak
yune neng Jombang, Mas Di sing nomer loro neng
Tulungagung, Mas Ta sing nomer telu neng Ngawi.
Minangka anak ragil, Lilik digandholi wong tuwane.
Idhep-idhep tunggu keprabon nganti wong tuwane
loro-lorone ora ana.
Lilik lan bojone lagi ngenggoni omahe dhewe sing
mung jarak sakilo karo keprabone. Lan saiki omah
tinggalane wong tuwane iku dienggoni paklik saka
mboke.
“Ngaten, Pak Lik, griya nika njenengan nggeni.
Eman-eman menawi boten wonten ingkang ngenggeni.
Kula nggih pun rembagan kalih Mas Ta, Mas Di lan
Mbak Las. “
“Iya, Lik,” wangsulane pak like wektu iku.
Najan wangsulan kang kekanthen ewuh-pekewuh,
kanggone Lilik idhep-idhep timbang suwung lan
nulung pak like kuwi. Eling-eling dheweke nate
kepotangan budi.
Dhek nalikane isih kuliah neng Surabaya kae,
dheweke kerep diendhangi lan disangoni Pak Lik Kin,
ngono Lilik nek ngundang.Ya kari siji iku dulurane
wong tuwane sing isih urip. Bu like asli saka Surabaya.
Pak like biyen kerja neng pabrik plastik lan bulike
dodolan rujak cingur neng emperan omahe. Lilik uga
kerep turu neng omahe nalika ngepasi prei kuliah.
Nalika semana anak-anake Pak Lik Kin sing mbarep
isih SMU kelas X lan sing ragil isih kelas 6 SD.
“Jam pira ta engko baline, Nak Lilik. Engko ae ta
ngenteni pak likmu. Jok kesusu! Dhela engkas pak
likmu teka. Lan engko aja lali kae kresek isi krupuk
kena kanggo gawanmu bali nang kostan.”
Supriyoko | 66