Page 78 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 78
Thukul ing Lemah Nela
“Sih untung le, aku ora kegawa apesmu! Ayo
nyawanga aku!” kandhane Ratimin karo arep mudhun.
“Wis, Mas, ayo mlaku ae! Kae lho sing mburi
nganti macet,” bojone ngelikake.
“Sorry, Dhik,” wangsulane Ratimin.
Montor bablas mlaku. Ratimin muji syukur mring
Gusti. Uwal saka alangan. Ya ngene iki oncek-
oncekane sabar sing bakale subur. Ngono grenenge.
Montor ngeblas menyang terminal Mediun. Karo
ngenteni tekane Reza, Ratimin ngajak mampir dhepot
ing terminal. Pesen pecel sing kondhang enak. Ratimin
ajeg yen mampir ing warung apa dene depot lan rumah
makan mesthi lungguh ing tengene bojone. Klangenane
mesthi karo nglirik irunge bojone, ya merga irung sing
rada pesek iku njalari tuwuhe tresna nalika semana.
Karo ngenteni diladeni sega pecel, Ratimin
nyawang ngembulenge keluk saka kopi sing wis
cemawis ing ngarepe. Dumadakan kedadean telung
dina kepungkur katon ngegla kaya sorot film ing layar.
Wektu nuduhake setengah loro nalika Ratimin
metu saka plataran mushola pinggir ratan. Rodhane
montor bali mecaki aspal ratan sing wis akeh sing
bolong-bolong. Angin semribit mbarengi lakune
montor, pang-pang kaya-kaya ngawe-awe lan ngiwi-
iwi marang Ratimin. Wong yen kadhung buneg apa-
apa sing disawang kaya dene barang bosok kang
nggilani. Sesawangan saya gawe petenge ati, katon
lakune mendhung ireng ing sisih kulon arep
nyeblokake isen-isene.
Tekan unggah-unggahan Dali udan ceblok kaya
disok saka langit. Ajeg yen udan kaya ngene iki dalan
kaya kedhung banyu padha mili neng ratan. Ratimin
nglakokake montore rada alon. Tekan dhun-dhunan
Supriyoko | 70