Page 80 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 80
Thukul ing Lemah Nela
ngarepe. Rame dadine ketambahan ocehe manuk
ingon-ingone neng mburi.
“Sing ra njawa kuwi dhapurku, apa dhapurmu.
Nate aku wegah tulung lan nalangi dulur-dulurmu!
Ayo kandhaa! Masmu utang dhuwik ya taksilihi, malah
Mas Di saiki wis sugih, utange jik sepuluh yuta ya rung
disaur aku ora nagih. Malah saiki wonge ngenengne
aku.”
Tangane kemlawe arep ngampleng sing wedok,
tujune anake pas nyedhak. Tangane dicekel Bima. Rasa
isin sing dirasa marang anake ora bisa diganteni apa
wae. Tujune anake weruh, umpama ora dicandhet
anake embuh sida dadi apa.
“Apuranen bapak, Le. Wis ndang budhal les selak
telat.”
Rindhik asu digitik, Bima nyengklak mione bablas
budhal les.
Kahanan ing omah sing dirasakake Ratimin
donyane malih peteng dhedhet. Mripate abang,
ambegane krenggosan. Sing wedok weruh bojone kaya
wong kesetanen, malah ora wedi. Dheweke isih
panggah guneman karo nyenthe-nyenthe. Klepat
Ratimin mlebu kamar, metu karo nggawa tas cilik isi
salin sasetel lan sragam sing kanggo sesuk.
“Arep nyang endi, Mas, njenengan?” kandhane
sing wedok.
“Ra sah kakehan cangkem.”
“Arep lunga? Iya lungaa,” kandhane sing wedok.
“Ra sah mbok kongkon, aku ya mesthi lunga!”
kandhane santak.
Dheweke banjur metu ngetogake montor saka
garasi, ngeblas bablas menyang Sarangan, karepe ora
mulih ning turu neng hotel. Playune montor kaya
Supriyoko | 72