Page 82 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 82
Thukul ing Lemah Nela
kakune ya mesthi wae padha. Dina klairane padha
Jemuwah Wage. Kaku, ora gelem ngalah nanging
kanggone dheweke iku minangka barokah.
Sorene bar Ashar wong telu lungguhan neng
emper mburi. Panggonan kuwi kanggone Ratimin
panggonan favorit nek enek rembug penting. Meja
bunder saka kayu jati. Lungguhane uga saka kayu jati.
Lan ing sandhinge ana kolame cilik isen-isene lele sing
wis padha karo bayek bobot telung kiloan kae.
“Pripun Mbak Yu jelase kersane Pak Lik Kin
niku?”
“Ibuke Reza wis kandha awakmu durung?”
“Perkawis niku pun kalih taun kepengker. Sedaya
menika kantun ibuke Reza, njenengan lan sedherek
sanese. Kula tut wuri mawon, tundhone supados guyup
rukun” wangsulane Ratimin.
“Iya, Dhik! Nek Mmas Ta wis kari ibuke Reza,
nanging masmu Kasdi, ketoge rada ora setuju.
Awakmu wis apal piye ta wateke masmu siji kae. Aku
jane ya wis bola-bali ngebel, lan uga aku nate mara.
Tak jak omong-omongan kalem, tak tata rembug
gunemku. Nanging kepriye maneh, masmu iku pancen
kukuh yen nduweni karep. Eling-aling aku sing tuwa
dhewe, aku ya kudu jejeg murih guyup rukun antarane
kluwarga iki.”
“Nek aku jane ya ngesakne Pak Lik. Karepe
kepengin nduweni omah kuwi kanthi nglumpukake
dhuwit, mbanting raga meres kringet. Najan aku jan-
jane ya ora nyawang dhuwike,” Lilik nyoba ngetogake
uneg-unege ati.
Nanging yen kelingan ngamuke Mas Di nyang
dheweke lan marang bojone. Malah nganti saiki patuta
ora gepok senggol babar pisan. Lilik rumangsa
Supriyoko | 74