Page 77 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 77
Thukul ing Lemah Nela
nakal, kudu ngerti, ora kena aleman, nggugu bapak lan
ibuk.”
“Sapa mas sing dingendikake mau?” bojone melu
nrambul.
“Tukang pom mau biyen muridku neng Parang.”
Rembug kandheg sedhela, ana SMS sing mlebu
neng HP-ne dheweke. HP dilungne sing wedok kon
maca. Isine Reza ngandhakake wis tekan Nglames lan
sabus karo budhene.
Montor menggok ring road Mediun. Dalan anyar
trabasan liwat njaba kutha. Iki minangka jalur anyar
kanggo kendaraan saka arah etan. Sing biyen bus lan
truck uga kendaraan-kendaraan liyane sing arep nyang
Sala lan Magetan liwat arah Ponorogo, saiki padha
liwat kene.
Dalan munggah sadhuwure rel sepur lagi diliwati.
Dumadakan Ratimin ngerem ngeget amarga ana
sepedha montor sing nylingker ndadak. Njelalah ora
nganti kesenggol.
“Numpak montor ra nganggo tata krama. Iki dudu
dalane canggahmu le!” Ratimin ngetokake sirahe saka
montor lan ngundhamana nom-noman sing numpak
sepedha montor kanthi yak-yakan iku.
Lan njelalah mesine mati diselah ora ndang muni.
Dadi kateg tenan Ratimin leh ngelokne pawongan
kuwi. Pancen yen ndelok pawakane bocah kuwi sarwa
awut-awutan. Rambute gondrong, ote-ote, clana
potholan rowak-rawek wates dhengkul. Modhel
morphinis. Bocahe rada kamikisinen lan kaweden.
Nanging Ratimin dhewe ya gumun, bocah kaya ngono
kok ya isih nduwe rasa isin lan wedi. Ratimin nerusake
muntabe.
69 | Mikul Ngiwa Nengen