Page 83 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 83
Thukul ing Lemah Nela
bingung dhewe. Najan omah keprabon tinggalane
wong tuwane iku sing wenang kari dheweke. Dulur-
dulure wis disusuki kabeh.
“Awakmu jik kurang sugih piye, omahe bapak
arep kokdol nyang Pak Lik Kin!” kandhane mase karo
mendelik.
Digenahne kaya apa wae mase iku wis ora bisa
ngandhang. Malah biasane Bada padha mlumpuk neng
Plaosan, bada taun iki mase kuwi ora mara. Dibel jare
sibuk karo tugas. Eling-eling Lilik sing enom dhewe,
mula bar bada dheweke karo Ratimin ngalahi mara.
Mase tetep ngengkeng ora oleh yen omah tinggalan
wong tuwa dituku Pak Lik Kin. Nek dienggoni ben.
“Pak lik lan bu lik kari pirang dina. Dhuwite ben
kanggo liyane. Rini ora suwe maneh wis arep rabi. Ya
ben nggo ragad rabine Rini. Rini ya wis pegawe ben
klumpuk-klumpuk kanggo tuku omah.”
Jane ya bener alesane mase kuwi. Nanging yen
eling tembunge Pak Lik Kin kae Lilik mumet sirahe.
“Lik aku ora tuku omahe mbakyuku ya wong
tuwamu. Aku rumangsa potangan budi wis koktulung.
Lan maneh karepku omah kae ben ora neng wong
liya.”
Umpama suruh beda lumah lan mengkurepe yen
digigit padha paite. Pait kanggone Lilik. Awit alesane
Pak Lik Kin lan mase padha bener alesane. Kathik Pak
Lik Kin olehe nuku ya rega umume. Ora dumeh dulur
njaluk murah iki ora. Batine Lilik mung pasrah karo
sing Gusti muga enggal entuk dalan ngenani masalah
iki.
“Sesuk takmara neng, Pak Lik,”
“Piyambak napa kalih ibuke Reza nggih saged,
pun kalih kula.”
75 | Mikul Ngiwa Nengen