Page 88 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 88
Thukul ing Lemah Nela
Kopi modhel kuna digodhog dadi siji neng
umplung dipanasi neng ndhuwur pawon. Jan rasane ora
kaya kopi-kopi jaman saiki. Lan kira-kira ya mung kari
Yu Prenjak iki sing isih nggawe kopi cara ngono kuwi.
Karo nyruput kopi, tanpa sengaja mripatku
nangkep klebate wewayangan kang ora pati cetha.
Sakala wedang sing dakombe ndlewer tekan dhadha
kaya bocah cilik ngombe ngono kae. Gage kopi
dakentekake lan anakku dakjak mulih.
“Nyapa ta gage wae mulih?”
“Mboke cah-cah mau meling kon ngepekake
lemtara, sesuk kanggo mbothok,” wangsulanku
sakecandhake.
Tekan lawang ngarep dadak anakku njempling
nangis kaya ana sing diwedeni. Nganti digendhong
mboke nangise isih tetep lan karo ngomong wedi ...
wedi .... Sirahku cenut-cenut, bojoku ya melu bingung,
gek apa sing diwedeni karo anakku.
“Woalah pak ...pak anakmu mau kok apakne?”
“Lha karepmu bocahe dakkapakne?” Genti aku
sing takon marang bojoku kanthi semu anyel ing ati.
Amarga tangise anakku sing ora kaya umume
bocah nangis, tangga-tanggaku padha mara. Tekok
geneye lan geneya, kathik tekane ana sing karo
ngelungi jajan, ana sing ngrogoh ewone saka sak
dilungne anakku. Nanging panggah wae anakku emoh
karo isih kandha wedi .... wedi lan aja.
Kringetku nelesi kaos sing dakenggo nganti kaya
dene bar kungkum ing kedhung Klegung.
“Njajal mikana ta, Tin,” kandhane Yu Nah sing
uga sajak bingung weruh anakku budi kaya ngono.
Tangane srawean sikile kroncalan. Bojoku melu
nangis. Bingungku sundhul empyak langit.
Supriyoko | 80