Page 65 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 65
Thukul ing Lemah Nela
Sukiman nerusake lakune karo bengok-bengok,
liyane padha uga padha bengok-bengok karo nuthuk
kenthongan. Wong-wong padha gemrudug mlayu
tumuju papan sing dirasa aman. Dalan-dalan sing
diliwati wong-wong iku dadi rame. Menyang tegale
Lik Parta, ing kana aman. Menyang tegale Kang Jaya
wae. Merga kabeh padha bingung, kaya belo melu
seton mula mung iya-iya semaure.
Kahanan ing langit saya peteng dhedhet,
bebarengan playune wong-wong sing padha bingung
lan wedi. Ing pratelon cedhak Kali, gemruduge wong-
wong iku ana sing bablas lan ana sing menggok ngiwa.
Karo ngendhong anakku, bojoku dakajak menggok
ngiwa, karepku mara ing tegale Kang Jaya. Embuh
merga apa aku dhewe ora ngerti, menggokku mung
nuruti karepe ati sing wis kadhung bingung sundhul
wuwung.
Tekan kono jebul wis akeh wong-wong sing uga
padha golek slamete awak, lan kabeh padha keweden.
Kabeh padha lungguhan karo ndonga ing sangisore wit
kates sing wis padha uwoh, tanpa wani nyawang
rerupan ireng munyer seser ing langit lan swarane
tansaya mbudhegake kuping.
Lagi wae lungguh lan ngelungake anakku marang
bojoku, krasa iline getih gemrojog ngebeki daging lan
kulit amarga lagi kelingan anakku mbarep lan sing
nomer loro ana ing ngendi parane. Lan uga amarga
saking wedi kang gumigit aku ora kelingan anakku
babar pisan.
“Mak, aku taknggoleki Rama lan Diva.”
Bojoku ora mangsuli, taksawang luh kumembeng
ing mripate.
57 | Tali Sambung