Page 57 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 57
Thukul ing Lemah Nela
Sesuke sidane wong saomah budhal menyang
Surabaya. Nalika lakune tekan Nganjuk, Lilik kelingan
nalika sekolahane nganakake nglencer ing Malang,
Reza lagi umure telung taun. Dheweke budi ngajak
numpak becak. Sidane ora tekan Malang, nanging
nuruti karepe anak numpak becak ngetan ngulon
dalanan Nganjuk, bubar kuwi bablas ngebis mulih. Ora
krasa saiki bocahe wis kuliah semester papat neng
UNESA. Nyusul bapake kuliah ing panggonan kang
padha. Nanging biyen isih IKIP Surabaya arane.
Gedhe pangarep-arepe marang anak lanange iku,
supaya ing tembe bisa dadi bocah sing bisa mikul
dhuwur mendhem jero marang wong tuwa. Pancene
Reza wiwit lulus SMP wis angen-angen arep dadi guru
kaya bapak lan ibuke. Bapake dadi guru neng SMP lan
ibuke dadi guru neng SMA. Kanggone Reza, guru iku
mujudake pakaryan kang luhur banget. Ngabdi marang
nusa lan bangsa. Uga minterake bocah.
Reza saya kandhel karepe kepengin dadi guru
nalika gurune nyritakake nalika Jepang kalah perang
musuh sekutu, sing ditekokna Kaisar Hirohito luwih
dhisik iku pira cacahe guru sing isih urip.
Kleser-kleser montor ngliwati dalan-dalan sing
biyen nate dadi seksine nalika dheweke lan sing wedok
ngangsu kawruh neng IKIP Ketintang. Tekan ngarep
Telkom, montor bablas ngulon nyabrang kali menggok
ngiwa arah Sepanjang.
Tekan ngarepan kostane anake, tangise Lilik
ambrol kaya tanggul bengawan sing jebol kae. Bojone
kon mlebu dhisik, dheweke isin amarga luhe isih
dleweran.
"Kok namung kalih putra, ibuke mboten tumut,
ta," pitakon bu kost-e Reza.
49 | Ngendhangi Anak