Page 53 - THUKUL JADI_Neat
P. 53
Thukul ing Lemah Nela
nglayat ora ana sing manggakake. Lik Banyak sing wis
sadhar mulih bareng Blengur. Sadurunge mulih
Blengur nggawani dhuwik sagegem kanggo biaya neng
BP. Kanciludin nampani kanthi praupan kang nggawa
rasa welas marang Blengur.
“Montormu ben disopiri kang Bayan Baya wae.”
Karo ngenteni pangupakarane layon, Kanciludin
lungguh neng emperan BP. Ngumpul karo wong-wong
sing umyeg ngrembug matine Dhe Banyak. Ngomong
manut versine dhewe-dhewe. Ana sing kandha pancen
dhe Banyak nduweni lara stroke. Eneng sing kandha
angin dhudhuk. Terus Gundhule melu sapa. Embuh
endi sing bener. Nanging sing genah Dhe Banyak saiki
wis mati.
Dheweke uga kaget nalika Walang tekok, jare
dhuwike leh utang neng dheweke kae ilang. Ditakoni
kok eruh saka sapa. Wangsulane Walang jare saka
bojone. Kanciludin mung mesem manthuk tanpa
nambahi rembug.
“Nggo sangu mati, Cil,” kandhane Walang sing
njalari aku mak plenggong.
“Pancen apesku,”
Dheweke ora wani crita ngenani lakon sing
dialami mau bengi lan nganti wektu iki dheweke
ngurungi Gundhul neng rinjing. Malah pikirane
tumplek bleg neng sing mati. Apa bener Gundhul kuwi
ingon-ingone Dhe Banyak. Nanging yen didelok
sugihe pancen jan ora mekakat. Yen trima Gundhul
sajak kok ora mungkin nganti sugih mbrewu kaya
ngono. Apa isih ngingu ingon-ingon liyane.
Saka njero ruang UGD keprungu layon wis siap
arep digawa bali. Kanciludin cekekal ngadeg. Mara
menyang kasir saperlu mbayari pangupakare layon.
45 | Sega Sapelang