Page 51 - THUKUL JADI_Neat
P. 51
Thukul ing Lemah Nela
dijak neng pasar. Dadi ora weruh yen ana Gundhul
sing ditutupi rinjing neng pawon. Kanciludin meling
bojone rinjing sing mengkurep neng pawon kae aja
dibukak. Sing wedok takon, nanging ora diwangsuli.
Malah kongkonan njaluk wedak bayi sajumput neng
tanggane sing lagi bar babaran.
“Kowe luwe ya? Dandan sik engko lagi sarapan,”
kandhane Kanciludin karo ndhodhog neng sandhing
rinjing.
Sing wedok teka, wedake dilungake sing lanang.
Lan meling sing wedok kon ndang budhal buruh neng
sawahe Lik Dara Jambul.
Sapungkure sing wedok, Kanciludin ngupakara
sing neng njero rinjing. Wedak bayi banjur disawurake
ing sandhuwure rinjing. Liwat cepitane nam-naman
rinjing wedak mawur rata ngeneki awake Gundhul.
Wis nggantheng saiki kowe, ngono kandhane. Lan
cekekal ngadeg njupuk sega sing wis jemek.
“Kowe taktulungi ananging kudu manut aku,”
“Iya, Pak.”
“Wegah nek pak, iya Om Udin.”
Sing dikongkon manut wae. Rinjing dibukak
sithik, sega jemek dilebokake. Krungu swara, “enak
om segane.” Sega jemek sing dilungake wis gusis, kari
godhonge. Pancen Gundhul kere, batine Kanciludin.
Ora antara suwe rinjing dibukak. Kanciludin
ngguyu ngakak nanging bareng weruh rupane Gundhul
sing pating clontheng, guyune kandheg. Gundhul sing
digething, nanging bareng gluprut wedak tuwuh rasa
welase.
“Sik yahmene akeh wong sing budhal nyang pasar,
rada awan sithik engko takulihake.”
43 | Sega Sapelang