Page 48 - THUKUL JADI_Neat
P. 48
Thukul ing Lemah Nela
Geneya kok ora njupuki dhuwike wong-wong sing
tukang korupsi kae.
“Piye, mbok, dhuwike ilang?” ngono kandhane
marang sing wedok.
“Lha piye eneh, pancen ilang. Wis ben, Pak-e!
Anake wae dikandhani wae ra sah tuku kaos kanggo
futsal.”
Dheweke lan sing wedok padha meneng, kintir ing
angen-angene dhewe-dhewe. Urip tinitah dadi wong
mlarat, nyambut gawe mung dadi buruh macul. Omah
gedheg wis padha mobol-mobol. Gendheng ya wis
padha trocoh ing wanci rendheng ngene iki.
Rembulan wengi ilang sunare, lintang-lintang
mblereg. Udan ceblok saka langit. Kanciludin njupuk
ember amoh kanggo nadhahi trocohe banyu udan.
Wengine lumaku alon, alone wektu saya nambahi
donyane peteng. Kaya petenge atine.
Nalika mapan ing amben galar kang mung lemek
klasa sing wis amoh iku, dheg dheweke kelingan
buntelan sega awan mau. Sega sabuntel wewehan saka
Lik Banyak. Krengkang-krengkang dheweke tangi.
Praupane katon cuwa kelingan sega sing kelalen.
“Neng endi, Pak?” sing wedok takon.
“Wis mbokmu, Turua! Anakmu kelonana, aku
taknunggu ember sing kanggo tadhah trocoh,” alesane
marang sing wedok.
Dheweke mara neng pawon, lampu teplok sing
cementhel neng paku sandhing lawang sing tumuju
pawon disumet. Kresek ireng isi buntelan sega
cementhel neng paku cagak pawon. Disawang kresek
kuwi, tuwuh getune. Angkluh atine.
Pancen awan mau nalika buruh macul neng
sawahe Dhe Thilang, pas wanci mangan awan. Jatahe
Supriyoko | 40