Page 45 - THUKUL JADI_Neat
P. 45
Thukul ing Lemah Nela
Disawang salah sijine wit sing pange katon bar
disempal.
“Godhonge wis ana sing nggunakake,” kandhane
karo mesem.
Nalika lagi thenguk-thenguk neng ngisor wit kelor
sing wedok marani.
“Wingi ana sing njaluk godhong kelor. Taktekoni
ora ngaku wong endi lan kanggo apa. Banjur
taksempalne rong pang.”
Krungu kandhane sing wedok, dheweke ngguyu
banter. Bantere kaya dene bledheg wayah awan
ngagetake wong turu.
“Pinter kowe, Mboke...! Ha... ha... ha...,”
kandhane karo ngguyu lan jogedan kaya patrape
layangan bering.
Wiwit dina kuwi sing wedok wis ora nggagas
perkara sing lanang mung nyandhing lan ndekep wit
kelor. Malah saben bengi ya turu kelon karo wit kelor.
Sawahe saiki dheweke sing ngopeni, eman-eman najan
sawah sapecak mung isi tanduran jagung.
Nuju sawijining dina ana sing mara ngaku jenenge
Trucuk kongkonane Dara Gambir. Trucuk ngelungake
kresek sing isine buntelan mori.
“Niki napa,”
“Niki tandha suka saking bendara kula Ki Dara
Gambir,” wangsulane Trucuk lan banjur pamitan.
Dheweke lan sing wedok nyawang buntelan mori
kuwi. Batine apa isine. Kanciludin kongkonan sing
wedok mbukak buntelan kuwi. Isine barang warnane
kuning gedhene sabal bekel lan uga ana surate.
“Iki genah emas,” kandhane karo sing wedok
bareng.
37 | Godhong Kelor