Page 42 - THUKUL JADI_Neat
P. 42
Thukul ing Lemah Nela
Saya gayeng anggone rembugan, awit ketambahan
anane godhong kelor. Ngancik Subuh sing rondha
padha bali. Ana tinggalan sing sumlempit ing atine.
Kanciludin kelingan unen-unen: donya ora mung
sagodhong kelor. Penampane iku mung unen-unen lan
wite ora ana. Saumur-umure dheweke durung weruh
wujude godhong kelor iku kaya apa. Apa maneh
gunane? Blas ora nyanthel ana ing bathuke. Nek
kanggo ngetokake susuk lan apa gandhenge karo donya
ora mung sagodhong kelor.
Suwe-suwe Kanciludin bathuke kebak karo
maneka warna sing ora tinemu nalar nanging dadi
ugeman. Kanciludin angen-angen para leluhure biyen
iku pancen wasis, waskitha uga wicaksana. Lho kok
ngono? Iya, lha samubarang diothak-athik, digathuk-
gathukake, direka, direngga lan disubya-subya.
Wekasane ya dadi tekan saiki. Lan kena kanggo
pathokan.
Ya amarga saka perkara-perkara sing kaya ngono
kuwi mau. Ana wong sing minangka oknum, ngothak-
athik, nggathuk-nggathukake manut udele dhewe. Apa
ora edan tenan nek wis ngene iki. Donya ora mung
sagodhong kelor. Kanggone Kanciludin kegawa nganti
tekan impen.
“Aku kok goblog men, donya iki ora mung
sagodhong kelor, ateges amba. Aku bisa rana-rane, aku
bisa ngena-ngene, bisa ngona-ngono.”
Esuke nalika arep nyang tegal dheweke nyangking
arit sing bar diasah wingi sore. Arit gedhe katon putih
gilap. Sapa ngerti ana sing nduwe wit kelor. Dheweke
arep mocok wite lan ditandur neng kebon kiwane
omah. Karepe kebon kuwi arep dikebaki karo wit
kelor. Sapa sing butuh kari epek godhonge.
Supriyoko | 34