Page 40 - THUKUL JADI_Neat
P. 40
Thukul ing Lemah Nela
sing dadi kucing? Dheweke sing ajeg dadi kucinge.
Keplayu, kasoran ndelik neng ngisor lincak karo
ambegane ngos-ngosan. Wose rembug kandheg, kaya
prahu gedhe kang kandhas tekan pinggiring samodra.
Yen wis ngene iki, ajeg praupane sing wedok
esuk, awan, sore peteng dhedhet. Malah kena diarani
petenge ngalahake guwa garba. Kahanan iku nganti
pirang-pirang dina, najan wegah Kanciludin kudu
betah. Najan batin semplah, dheweke kudu polah golek
srana kanggo ngriwuk sing wedok. Najan lambe
satumang kari samerang, ndremimil nganti cuwil,
dheweke ngesok kecaping lambe. Karepe iki minangka
tandha wanuh.
“Aku ora sida nyang sawah.”
“Sidamu, oramu, urusanmu!” kandhane sing
wedok nuduhake atine sing isih nggondhok.
“Lambemu mbranang abang najan tanpa nginang
lan gincu. Taklirik saka tengen, adhuh kaya dene
alamat palsu. Taklirik saka ngisor bisu, saka dhuwur
kok malah kabur,” kandhane lirih saka walike gedheg
pawon.
Njelalah sing wedok krungu.
“Gombal,” saurane bojone karo ngudheg kopi.
Kopi diiling neng lepek lemek epek-epek. Jabang
bayik, paite ora jamak. Pait kopine uga pait
panyawange sing wedok marang dheweke. Dheweke
kandha sithik, diwales gitik. Weneh pupur dijantur,
turu kesingkur. Sepine ati ngawang, sengite sing
wedok kon nganggep banyu suci sing tumurun saka
kahyangan. Encepe lambe kon nganggep eseme
widadari. Sambate kon nganggep ellegi esok hari, yen
nesu lambe ndremimil kon nganggep Candralukita.
Supriyoko | 32