Page 33 - Ringkesan X-A
        P. 33
       Angka  Jawa  ing  aksara  Jawa  uga  bisa  digunakake  kanggo  nulis
                                 wilangan  wutuh  kang  gedhe  lan  saperangan  bisa  dieja  supaya  luwih
                                 gampang diwaca.
                                Angka Jawa bisa uga kanggo nulis wilangan pecahan.
                       J.  Aksara Rekan lan Pasangane
                            k+        K+    f+        F+    p+      P+      j+        J+    g+        G+
                                Kha             Dza             Fa               za             Gha
                          Katrangan:
                                Aksara  Rekan  iku  aksara  gawean,  yaiku  anane  amarga  direka-reka.
                                 Aksara  iki  pigunane  kanggo  nulis  basa  manca  sing  ing  aksara  Jawa
                                 ora ana.
                                Aksara  Rekan  kanggo  nulis  tembung-tembung  sing  asale  saka  basa
                                 manca mligine tembung serapan saka basa Arab.
                                Tandha  rekan  arupa  cecak  cacah  telu  sing  ditulis  ing  sandhuwure
                                 aksara.
                                Aksara Rekan yen oleh sandhangan pepet, layar, cecak, wulu, tandha
                                 rekan ditulis ing sangarepe sandhangan.
                                Aksara Rekan kabeh ana sandhangane.
                                Aksara Rekan bisa dadi aksara sigeg.
                                Aksara Rekan kha (k+), dza (f+), za (j+), lan gha (g+) ora wenang dadi
                                 pasangan, dadi aksara kang mati kudu kasigeg.
                                Aksara Rekan sing sigeg lan mburine uga aksara Rekan, aksara Rekan
                                 sing sigeg iku kudu dipangku.
                                Panulise aksara Rekan padha karo ing Latine, tegese panulise aksara
                                 Rekan ing satembung kena luwih saka siji.
                                Panganggone  aksara  Rekan  kala-kala  awor  karo  aksara  Swara  lan
                                 aksara Murda.
                                 Aksara  Rekan f  (p+)  kang  wujude pasangane  pa  cecak telu,  wenang
                          dadi pasangan,  yaiku  (P+),  dene  yen  sesak papane  aksarane  sesigeg kudu
                          dipangku, pasangan (P+) malih wutuh (p+).
                                                                                                            33





