Page 34 - Ringkesan X-A
P. 34
Cathetan:
Sastra laku utawa sastra lampah, yaiku sastra kang tatacara panulise tembung
sajroning aksara Jawa miturut utawa manut pocapan (ucapan). Dadi beda karo
ing tatacara panulisan ing aksara Latin.
Tuladha:
Panulise tembung ‘migunakake’ yen ditulis aksara Jawa dadi migunkK[k
‘migunakkake’. Semono uga tembung ‘dileremake’ yen ditulis aksara Jawa dadi
fiXxmM[k ‘dileremmake’, tembung ‘kelautan’ dituliskelautTn\
‘kelauttan’. Wujud liyane yaiku: mususSi, blpPn\ tuk/rn\
gl=zn\ yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi ‘musussi’, ‘balappan’,
‘tukarran’, lan ‘galangngan’. Panulisan kang mangkono mau kena diarani sastra
laku utawa sastra lampah.
Panulise aksara Jawa, nalika nulis aksara mati ing tengah kudu nggunakake
pasangan, ora kena nggunakake pangkon. Panganggone pangkon ing tengah
iku manawa ana aksara tartamtu (aksara swara, lsp) kang pancen kudu
kasigeg dhisik amarga aksara mau ora kena kanggo pasangan. Panganggone
pangkon mligine amung ana ing pungkasaning ukara utawa pangkon uga
minangka gegentine pada lingsa (koma).
Pada lungsi iku kaya dene titik ing aksara Latin. Nanging panulisane pada
lungsi iku malih dadi pada lingsa menawa wanda paling keri utawa mburi
awujud sigeg utawa pangkon.
Panulisane na [n] upama kapasangake karo pasangan aksara ja [ J] lan ca [ C]
panulisane dadi aksara nya [v]. Paugeran kasebut bisa ditindakake menawa
pasangan ca
[ C] lan ja [ J] iku dadi satembung karo aksara na, yen ora satembung panulise
tetep biasa. Tuladha: bvJi/ = banjir (banjir); pvJen=ezn\ = panjenengan
(anda/kamu).
34