Page 42 - 129.cdr
P. 42

Regeng


          Bupati Tatto :

         2021 Dadi Taun


         Matengna Adaptasi




        P         ageblug  Covid-19  sing  urung  pedhot  ngosi
                  sepréné mesthiné dadi kawigatén sapa baé,
                  klebu pemréntah Kabupaten Cilacap. Mulané
                  nalika  ngisi  apél  ésuk,  neng  lingkungan
                  Pemkab  Cilacap,  Bupati  Cilacap  H.  Tatto
          Suwarto Pamudji ngémutna maning babagan wigatiné
          nuwuhna  sadhar  sekang  awaké  dhéwék,  mliginé
         karyawan Pemkab nglakokna budaya urip séhat sing wis
         déslaberna daning pemréntah. Pak Bupati uga ngendika,
         lamona 2021 dédadékna taun nggo matengna adaptasi,
         sing  tegesé  sapa  baé  goli  padha  nerapna  laku  urip
         nganggo tatanan anyar jalaran anané pageblug covid-19,
         kudu terus détingkatna.
                                                         yakuwé  Pendidikan,  Keséhatan,  Ékonomi,  lan
         “Kenangapa  déomongna  adaptasi,  jalaran  sedawané     Lingkungan Sosial Budaya.
         taun  2020  kepungkur,  kabéh wong  neng  alam  dunya
         ngalami  kahanan  sing  bener-bener  rekasa.  Ékonomi   “Neng babagan saka guru Keséhatan, inyong rika padha
         goyah,  uba  rampé  keséhatan  kangélan,  sekolah  lan   kudu  siap  nemoni  kahanan  apa  baé,  siap  ngadhepi
         lembaga  pendidikan  préi,  kegiyatan  sosial  lan  agama   Covid-19 uga siap nyengkuyung 3T (Testing, Tracing, and
         akéh  sing  keganggu  utawa  détundha  lan  urusan   Treatment).  Kuwé  mau  mujudna  rékadaya  kanggo
         pemréntahan nggo nglayani masrakat kudu golét cara   medhot  mata  ranté  semebaré  Covid-19,  kejaba  3M
         utawa métodhe anyar,” ngendikané Bupati.
                                                         yakuwé Menggunakan Masker, Menjaga jarak, lan Mencuci
                                                         tangan,” Bupati njléntréhna.
         Bupati njuran ngélingna anané bebaya virus anyar sing
         mujudna  pindhahan  sekang  covid-19  yakuwé  VUI-  Mungkasi  sambutané,  Bupati  wanti-wanti  kabéh
         202012/01. Gejalané padha karo  covid-19.       jajarané  dékon  njaga  paugeran  urip  bresih  lan  séhat
                                                         minangka dadi budayané urip. “Urip séhat kudu bisa dadi
         “Kiyé    marakena  semebaré  Vovid-19  dadi  sengsaya   budayané  wong  urip,  lan  urip  séhat  kudu  bisa  dadi
         suwé sengsaya cepet. Mulané maring ngarepé tumrapé   budaya anyar nalika ngadhepi  pageblug Covid-19 kiyé,”
         masrakat  tambah  akéh  tantangané,  lan  tambah  akéh   mungkasi  apél  sing  dépéloni  karyawan  lan  karyawati
         prejuangané nggo adaptasi,” Bupati ngimbuhna. Bupati   Sekretariat Daerah, uga dérawuhi  daning Wakil Bupati
         uga  ngendika  bab  semangat  Mongkog  Mbangun  Desa   Syamsul  Auliya  Rachman,  Sekretaris  Daerah    Farid
         bisa  dadi  kinarya  saka  guru  rikala  nglakoni  adaptasi.   Ma'ruf, Ketua TP PKK Teti Rohatiningsih, para pimpinan
         Neng  kono,  ngemu  patang  aspék    pembangunan
                                                         OPD lan BUMD. (He)







                                                                                                     poto : Representative image   -  ISTOCK.COM











          42 ANCAS    129/Taun XI/Februari 2021
   37   38   39   40   41   42   43   44