Page 39 - 129.cdr
P. 39
Klangenan
interioré rata-rata bisa nyawang kahanan sing ijo royo-
royo sekang cafee sing dégawé sekang kayu. Wit-witan
sing lemu, ijo royo-royo dadi sesawangan sekang njero
caffe, pokoké mbetahi pisan. Ora kuciwa pokoké angger
mampir ngonoh. Kahanané uga tentrem, ora keprungu
swara mesin kendharaan pating sliwer merga papan
panggonané ora neng tengah kutha. Mulané kahanané
tentrem pisan. Kahanan sing seger alami, marakna hawa
mak nyes senajan ora nana AC. Hawa seger kasebut ora
liya sekang wit-witan sing ana neng sekubengé Caffé and
Coffee.
Neng Sadjati Café lan Coffeé, ana pirang-pirang menu
kopi Indonesia sing détawakna. Angger sing ora seneng
kopi, neng kéné uga nawakna manéka werna inuman
liyané kayadéné milkshake, thaitea, aneka jus, és klapa
muda lan sapanunggalané. Kejaba inuman, neng kéné
uga nyawisna cemilan lan dhaharan kayadéné bakso,
sega goréng, ramen, dim sum, toppoki panganan modhél
Koréa, kentang goréng lan liyané. Soal rega, aja kewatir.
Neng dhaptar menu wis décawisna rega-regané, lan
rata-rata pas karo kanthong.
Miturut Andi, sing nggulawenthah Sadjati Café and
Coffee, fasilitas sing ana neng caféé kiyé klebu pepek
nggo maremna sing padha rawuh. Neng kéné
désediakna Wi-Fi, proyéktor nggo sing arep nganakna
acara rapat utawané kumpulan, uga sound system nggo
live musik. Aréa parkir kendharaan uga klebu amba.
Neng Sadjati Café and Coffee pancén papan sing pas
pisan nggo hangout utawané kumpul-kumpul karo
kanca, réuni, kumpul keluwarga, ngosi réunian. Pokoké
papan panggonané wis décepakna miturut kebutuhan
sekang sing kepéngin dhéwékan maring caffee (biasané
sing agi ngeflog nguja teka dhéwékan) ngosi bareng
rombongan.
Kejaba kanggo dhahar, neng Sadjati Café and Coffee uga
nyiapna papan nggo nginep, sing rega séwané ora larang
ning fasilitasé pepek. Sing padha nginep neng kéné
kejaba bisa ngaso kanthi tentrem, uga ésuké bisa mlaku-
mlaku ngrasakna hawa sing seger lan nyawang kahanan
neng alam bébas sing mesthiné ora bakal détemoni neng
tengah kutha. Mulané pas pisan angger nggo acara
gathering, supayané padha tambah akrab lan sumringah.
Seuwisé marem mlaku-mlaku ngrasakna hawa ésuk sing
seger, sarapan bisa dépesen maring caffee, lan arep
sarapan neng sisih endi gari milih baé. Pokoké marem
pisan. Apamaning angger sing saben ndinané
nyambutgawé sing mbutuhna pemikiran sing abot, pas
pisan réfréshing neng kéné.
Angger Sedulur, klenyer kepéngin ngrasakna malem
Minggu sing ora kaya biasané, mayuh padha pinarak
maring Sadjati Café and Coffee. Bukaké mulai jam 10.00
WIB. Pokoké angger kepengin ngopi lan mbombongna Nandur jaé neng galengan
ati, rawuh baé maring Sadjati Café and Coffee. (Izty) Ngkono baé nggo delengan
129/Taun XI/Februari 2021 ANCAS 39