Page 38 - 129.cdr
P. 38

Klangenan






































          Ngopi sing Gawé Bombong

          Ya Neng Sadjati





         M            butuhna  hawa  seger  nggo  mbaléka
                      greget sing molai mudhun lan maremna
                      klangenan  nggolét  kulinér  sing  béda?
                      Rika  padha  ora  prelu  adoh  nggolét
                      panggonan  nggo  munggahna  mood
          supayané  bisa  nglakokna  aktifitas  kanthi  gemrégah
          maning. Teka baé maring Sadjati Café lan Coffé. Kejaba
         neng kéné nyawisna panganan sing énak lan duwé ciri
         wanci  dhéwék,  swasana  neng  Sadjati  Café  lan  Coffee
         bener-bener bisa nyegerna pikiran merga ana swasana
         alas  sing  ijo,  akéh  swara  manuk  kicir,  angin  semribit
         nggawa hawa seger, uga sesawangan sing bener-bener
         kaya lagi plesir, ora mung nggolét panganan.

         Sadjati Café lan Coffee ana neng Jalan Raya Jati, Desa
         Tambaksari, Wanareja,  Cilacap.  Panggonané  gampang
         pisan golétané. Bisa nganggo montor uga mobil. Ancer-
         anceré,  sekang  alun-alun  Kecamatan  Wanareja
         kuranglewih  30-45  menit,  dalané  mandan  munggah
         ning  wis  alus  lan  sesawangané  uga  apik.  Sedawané
         dalan,  bisa  nyawang  prebukitan,  sawah  sing  mablak-
         mablak. Urung butul baé wis bombong atiné.

         Konsép sing détawakna daning Sadjati Café and Coffee
         yakuwé para tamu bisa nyawang alam terbuka, mulané
          38 ANCAS    129/Taun XI/Februari 2021
   33   34   35   36   37   38   39   40   41   42   43