Page 11 - Teks tanggapan dheskriptif
P. 11

PESISIR PULO MERAH
                    Pesisir Pulo Merah kang uga diarani Red Island  kuwi minangka salah sijine
            obyek wisata sing kawentar ing kabupaten banyuwangi. Pesisir Pulo Merah saiki
            dhadhi  primadhona  wisata  ing  Banyuwangi.  Panggonane  ana  ing  desa
            Sumberagung, kecamatan pasanggaran kabupaten Banyuwangi.
                    Pesisir  Pulo  Merah,  yaiku  jeneng  sing  pas  kanggo  ngarani  pesisir  sing
            manggon  ing  desa  Sumberagung  kasebot.  Di  arani  pesisir  Pulo  Merah  jalaran
            wedhi  ing  sadhawane  pesisir  rupane  semu  abang.  Saka  pesiser  nyawang
            mangidhul katon pulo-pulo seng apik banget. Ing mangsa ketiga pulo-pulo mau
            yen kena sunare srengenge mantulake cahya warna semu abang, jan nengsemake
            banget.  Apa  maneh  sesawangan  mau  didheleng  nalika  ngancik  sore,  wayah
            srengenge meh angslup.
                    Obyek  wisata  pesisir  Pulo  Merah  pancen  nengsemake.  Akeh  papan  sing
            bisa  kanggo  seneng-seneng.  Para  wisatawan  bisa  ndheleng  endahe  pesisir  sing

            resik. Ing kono uga ana event taunan sing rame banget, yaiku selancar. Pengen
            mundhut  oleh-oleh  ya  ana,  panganan  khas  banyuwangi  lan  produk-produk
            unggulan liyane wis sumadiya ing kios-kios.  Mula ora aneh yen pesisir Pulo Merah
            dadi obyek wisata primadhona ing Banyuwangi.

                            Panulisan sing Kleru         Panulisan sing Bener
                         1. dhadhi                   1. dadi
                         2. ...............................   2. ..................................
                         3. ...............................   3. ..................................
                         4. ...............................   4. ..................................
                         5. ...............................   5. ..................................
                         6. ...............................   6. ..................................
                         7. ...............................   7. ..................................
                         8. ...............................   8. ..................................
                         9. ...............................   9. ..................................
                         10...............................   10. .................................



            Tugas 3 Nulis Teks Tanggapan Dheskriptif

                 1. Jingglengana teks ”Tlaga Sarangan” kanthi premati.
                 2. Karo klompokmu tulisen maneh teks ”Tlaga Sarangan” kanthi urutan:
                     a. Idhentifikasi
                     b. Klasifikasi/dhefinisi
                     c. Dheskripsi bagean
                  Struktur  Teks                            Dheskripsi
               Idhentifikasi        .....................................................................................
                                    .....................................................................................


            12                                                                                                                              Kirtya Basa VII
   6   7   8   9   10   11   12