Page 6 - Teks tanggapan dheskriptif
P. 6

b.  Jinise Tembung
                           Sawise  njingglengi  teks  tanggapan  dheskriptif  ”Gunung  Bromo”
                    tinemu  panganggone  tembung  aran,  tembung  kahanan,  tembung
                    panggandheng, lan jinis tembung liyane.
                   Tuladha:
                           ”Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa
                           Timur  sing  banget  nengsemake  tumrap  para  wisatawan
                           dhomestik lan wisatawan saka manca negara”

                           Kanggo  nyinaoni  teks  tanggapan  dheskriptif  uga  kudu  nyinaoni
                    jinising tembung basa Jawa. Jinise tembung ing basa Jawa kaperang dadi
                    10, yaiku:
                       1)  Tembung Aran (Kata Benda)
                           Tembung  aran  yaiku  tembung  sing  nerangake  sakabehe  jenenge
                           barang utawa sing dianggep barang.
                           Tembung aran diperang dadi loro, yaiku:
                           a)  Tembung aran sing kasat mata
                              Tuladha:  gunung,  jaran,  jeep,  pura,  omah,  dalan,  segara,
                              wedhi, lan sapanunggalane.
                           b)  Tembung aran sing ora kasat mata
                              Tuladha:    pemandhangan,      kabudayan,     pariwisata,   lan
                              sapanunggalane
                       2)  Tembung Kriya (Kata Kerja)
                           Tembung kriya yaiku tembung sing nerangake pagawean.
                           Tuladha: lunga, dolan, tuku, turu, nulis, numpak, nggawa, mangan,
                           njaluk, nggambarake, nerangake, lan sapanunggalane.
                       3)  Tembung Kahanan (Kata Sifat)
                           Tembung kahanan yaiku tembung sing nerangake watak, sipat, lan
                           kahanane samubarang.
                           Tuladha:  adoh,  cedhak,  ayu,  panas,  sugih,  kepenak,  sengsara,
                           luwe, panas, nengsemake, lan sapanunggalane.
                       4)  Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
                           Tembung katrangan yaiku tembung sing nerangake tembung aran,
                           tembung kriya, lan tembung kahanan.
                           Tuladha:  saiki,  sesuk,  awan,  bengi,  minggu  ngarep,  lan
                           sapanunggalane.
                       5)  Tembung  Wilangan (Kata Bilangan)
                           Tembung  wilangan  yaiku  tembung  sing  nerangake  cacahe  utawa
                           jumlahe barang lan pepangkatan.

            Kirtya Basa VII                                                                             7
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11