Page 9 - Teks tanggapan dheskriptif
P. 9

a)  Aku ditimbali bapak arep diutus resik-resik latar.
                      b)  Bapak tindak menyang Malang nitih sepur.
                      c)  Pak Lurah ora sida rawuh ing kampungku.
                      d)  Bu Dartik mundhut gula rong kilo.
                      e)  Dhek wingi Rini didukani ibune jalaran mulihe telat.
                      Panganggone basa ngoko alus ing pasrawungan, yaiku:
                      a)  Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni.
                      b)  Wong enom marang wong luwih tuwa sing wis raket.
                      c)  Ngajeni wong sing digunem.
                      Gawea  ukara  nganggo  basa  ngoko  alus  kanthi  migunakake  tembung-
                      tembung ing ngisor iki!
                      1)  tindak
                      2)  maos
                      3)  mundhut
                      4)  ngaturi
                      5)  ngendika

            Tugas 4: Nyimpulake Isine Wacan

            Maca  teks  tanggapan  dheskriptif  kanthi  premati  kowe  bakal  mangerti  apa  isine
            wacan. Gatekna pituduh ing ngisor iki kanggo nyimpulake isine wacan.
                1.  Wacanen teks ”Gunung Bromo” kanthi premati
                2.  Tulisen ukara baku ing saben pada (Paragraf)
                3.  Roncenen ukara-ukara baku supaya dadi sapada.

                4.  Gawea  dudutan  (kesimpulan) teks  ”Gunung  Bromo”  manut  pituduh  ing
                    dhuwur!

            Kegiatan 2  Nulis Teks Tanggapan Dheskriptif kanthi Klompok


            Ing pasinaon iki para siswa bakal sinau bebarengan sajroning klompok.
            Gawea klompok, saben klompok anggotane 4 - 5 siswa

            Tugas 1:  Nintingi Teks Tanggapan Dheskriptif

                1.  Teks tanggapan  dheskriptif sing irah-irahane ”Tlaga Sarangan” ing ngisor
                    iki  durung  urut.  Coba  ukara-ukara  ing  kolom  ngisor  iki  tintingana,
                    sabanjure wenehana nomer saengga bisa dadi teks tanggapan dheskriptif
                    sing  urut,  kanthi  migatekake    struktur  teks  kang  kedadean  saka
                    idhentifikasi,  klasifikasi/dhefinisi  lan  dheskripsi  bagean.  Saben  klompok
                    macakake  asile dhiskusi ing sangarepe kanca-kancane.



            10                                                                                                                              Kirtya Basa VII
   4   5   6   7   8   9   10   11   12