Page 25 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 25

angel sauger gelem sinau lan latihan. Sumber  kanggo nulis skenario bisa
            saka  kedadean  ing  masyarakat  saben  dina,  bisa  saka  teks  crita,  lan  uga
            bisa saka asil wawancara karo narasumber.
                  Salah  sijine  cara  nulis  skenario  bisa  katindakake  kanthi  langkah-
            langkah iki:
            1) Nemtokake tema, idhe pokok  drama.
            2) Nemtokake paraga/ tokoh lan watak-watake.
            3) Ngrancang alur (plot) crita, adegan lan dhialoge  para tokoh/paraga.
            4) Nemtokake wektu, latar panggonane crita.
            5) Miwiti nulis draf skenario karo nggambarake jiwane naskah.
            6) Yen skenario wis dadi diwaca maneh bola-bali supaya luwih apik.

            Gladhen:
            Kanggo gladhenmu, tindakna pakaryan iki:
                (1) Goleka  crita  cekak  saka  kalawarti/  majalah  basa  Jawa  (Panjebar
                    Semangat/ Jaya Baya) utawa saka buku antologi.
                (2) Owahana teks crita cekak mau dadi  skenario drama kaya tuladha
                    ing pasinaon sadurunge.
                (3) Wacanen  asil  garapanmu  ana  ngarepe  kancamu,  lan  njaluka
                    komentare.
                (4) Dandanana  garapanmu,  yen  kokrasa  wis  becik  kumpulna  asile
                    marang Bapak/ Ibu Gurumu minangka tugas portofolio.




























            48                                                           Kirtya Basa IX
   20   21   22   23   24   25