Page 23 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 23

gegedhen     pangangen-angen…kuwi       ateges    cebol
                                  nggayuh lintang...Mada.
            Arya Tadah         :  Ra  Banyak  apa  dene  Ra  Kembar,  kene  dudu  papane
                                  wong pasulayan. Iki aneng pasewakan agung ngadhep
                                  ngarsane Gusti Prabu Putri Tribuana Tungga Dewi, ning
                                  ngendi  subasitamu  pinangka  nayaka  Mojopahit.  Kowe
                                  ora  ngajeni  pasewakan  agung  padha  karo  ngina  Ratu
                                  Mojopahit.
            Ra Banyak          :  Arya  Tadah  kowe  aja  melu-melu,  iki  dudu  perkaramu
                                  awit  kowe  wis  dudu  Patih  Amangkubumi  maneh,  sing
                                  gedhe pangapuramu aku nungkak krama karo kowe.
            Arya Tadah         :  Banyak..Kembar…arep  kokgawa  ing  ngendi  praja
                                  Mojopahit  yen  pakartimu  kaya  mangkono….Mojopahit
                                  bakal  kuncara  yen  ta  nayakane  manunggal  nyawiji
                                  saiyeg saeka praya.
            Tribuwana TD       :  Ra  Banyak…Ra  Kembar…sira  wus  wani  ngadeg  ing
                                  pasewakan  padha  karo  sira  ngina  marang  ratu.  Apa
                                  kowe  kepengin  dadi  ratu  Mojopahit  merga  kowe  saka
                                  trahing  ngaluhur  hiya!  Yen  pancen  kaya  ngono
                                  kekarepanmu ingsun lila waton iki kanggo kamulyaning
                                  kawula  Mojopahit,  lan  kanggo  keraharjaning  para
                                  nayakaning Mojopahit.
            Ra Kembar          :  Oh...Gusti    Prabu,    nyuwun     gunging     samudra
                                  pangaksami, sedaya kala wau awit seriking manah kula
                                  mirengaken ature Gajah Mada.
            Tribuwana TD       :  Kudune kowe malah nyengkuyung marang lekase Gajah
                                  Mada merga iku kanggo kuncarane praja Mojopahit.
                                  Paman Tadah, adicara wisuda saged dipunwiwiti..
            Arya Tadah         :  (Nembang)
            Gajah Mada         :   Gusti Prabu, kangge mujudaken panganen-angen kula,
                                  kula badhe prasapa…
            Tribuwana TD       :  Ya sun lilani, Mada
            Gajah Mada         :  Sineksenan      lintang    cakra     kang      sumunar
                                  padhang..aku..aku  Gajah  Mada  sinampiran  jejibahan
                                  luhur kang tanpa pepindhan, dhawuh Gusti Prabu Putri
                                  Tribuana  Tungga  Dewi  Jaya  Wisnu  Wardhani,  padha
                                  karo  pepanggiling  wilayah  nuswantara  sakukuban,
                                  mulane, ana paseban agung lan sangarepe para nayaka
                                  praja lan kawula Mojopahit, aku prasapa…aku sumpah…



            46                                                           Kirtya Basa IX
   18   19   20   21   22   23   24   25