Page 18 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 18

Patih H Tadhah     :    Ya…
                   Gajah Mada         :    Boten,  paman.  Menika  sanes  karampungan  malah
                                           bakal saya damel benter swasana Mojopahit.
                   Patih H Tadhah     :    Genea?
                   Gajah Mada         :    Pundhak  kula  dereng  kiyat  mikul  kalungguhan
                                           mahapatih ing Mojopahit. Taksih kathah para wredha
                                           ingkang langkung pantes, ing antawisipun para nayaka
                                           saking  Panca  Ri  Wilwatikta,  Mahamenteri  Hino  Dyah
                                           Janardana, Mahamenteri Sirikan Dyah…
                   Patih H Tadhah     :    Saka  pamawasku  ora  ana  kang  pantes  kajaba  kowe,
                                           Mada.
                   Gajah Mada         :    Dereng Paman.
                   Patih H Tadhah     :    Mada,  jujura  marang  kapribadenmu…kang  dak
                                           ngerteni lan dakrasakake prajurit iku nut, krenteg, lan
                                           karep kang kudu dadi sing pinunjul. Mada nalika kowe
                                           dadi  prajurit,  duwe  pengangen-angen  dadi  lurahe
                                           tamtama. Lamun wus apangkat lurahe tamtama duwe
                                           angen-angen  kang  luwih  dhuwur  dadi  senopati,
                                           mangkono sapiturute…mula saka pandhugaku lan yen
                                           ora selak marang batinmu...Gajah Mada mesthi duwe
                                           pangangen-angen  kepengin  kalungguhan  mahapatih
                                           Mojopahit…
                   Gajah Mada         :    Dereng kathah labuh labet kula tumrapipun Mojopahit,
                                           Paman Harya Tadah…
                   Patih H Tadhah     :    Mada, jujura marang swaraning batinmu.
                   Gajah Mada         :    Kula…
                   Patih H Tadhah     :    Mada…

                   Adegan II
                   Tribuwana TD       :  Paman  Patih  Harya  Tadhah,  saklengseripun  kakang
                                         Jayanegara, kula ingkang gumantos, nanging Mojopahit
                                         boten  saya  tentrem,  malah  saya  kathah  rubeda
                                         ngreribeti…saya-saya paman Patih Harya Tadhah minta
                                         lengser,  menapa  menika  boten  saya  damel  ringkihing
                                         Mojopahit?
                   Patih H  Tadhah    :  Gusti  Prabu  Putri,  kula  sampun  ringkih  lan  sepuh,
                                         sampun  wancinipun  Mojopahit  ndhudhah  para  mudha
                                         taruna  manggala  praja  njejegaken  saka  guru,
                                         ngandelaken  bebeteng  murih  saged  tentrem  nagari
                                         Mojopahit tumuju ing kajayan.

                   Kirtya Basa IX                                                        41
   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23