Page 13 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 13

Mojopahit,  awit  kula  ngertos  bilih  Nambi  menika  mujudaken
                     prajurit  ingkang  licik,  jirih  ing  getih,  dhasaripun  asor  ing  budi.
                     Tartamtu  ing  mbenjang  badhe  kalorot  asma  keprabon  ndalem,
                     awit dipun idak-idak Nambi.
            NB     : Heh, Kakang Lawe !
            RL     : Nambi, kowe mesthine kenyonyok rasaning atimu, nanging dudu
                     kuwi kang dakkarepake. Aku lan kowe tetep rowang Nambi, kang
                     ora  nate  benthak  sirah.  Yen  ana  kepencoking  kewuh  yen  perlu
                     daktohi pati. Nanging Nambi, yen kowe ora trima marang ucapku
                     iki, sesuk apa saiki, awan apa bengi, lan ana ngendi panggonane,
                     aku ora bakal gigrig ngadhepi kowe, Nambi!
            KA     :  Ronggolawe!  Mingkema  lambemu,  muncrat-muncrat  idumu,
                     pendirangan mripatmu, nggembelo sirahmu. Aja ngumbar ucapmu
                     kang saru dinulu. Ayo, yen pancen kowe lanang, baliya menyang
                     Tuban, siyagakna prajuritmu kang gamben-gamben. Dudu Nambi
                     sing  dadi  musuhmu,  nanging  iki  Kebo  Anabrang  kang  dadi
                     musuhmu!
            RL     :  Ha  ha  ha.  He,  Kebo  Nabrang,  yen  kowe  sabela  marang  Nambi,
                     metua njaba, tak enteni kowe!
                                          ......................

                   Bausastra
                   randhat                : alon, suwe
                   ngabyantara         : ngadhep, marak
                   ngluberake           : menehi, dum-duman, bebungah
                   pangaksama         : pangapura, ampunan
                   tuhu                    : manut, nurut
                   yogi                     : apik, pantes, murwat
                   marangkani          : kekuwatan
                   lelabuhan            : pangabdian,
                   rumeksa              : njaga, ngopeni
                   yuwana               : slamet, rahayu, tulus

            Kanggo  nambah  wawasanmu  gegayutan  karo  teks  drama  ing  dhuwur,
            wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
               1)  Apa temane wacan ing dhuwur?
               2)  Sapa kang dadi tokoh utamane ing pagelaran kethoprak kasebut?
               3)  Kepriye sipate tokoh/paraga utamane?
               4)  Sapa bae kang dadi tokoh/ paraga pambantune?



            36                                                           Kirtya Basa IX
   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18