Page 8 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 8

Kamangka  yen  dideleng  maneh  saka  sejarah  mlebune  Islam  ing  tlatah
                   Jawa,  Sunan  Kalijaga  lan  Sunan  Bonang  nggunakake  kesenian  kanggo
                   nyebarake  agama  Islam.  Bokmenawa  para  kalangan  agama  nglalekake

                   perjuangan Islam  nalika  ing  tanah  Jawa  kabiyantu  banget  kanthi  anane
                   kesenian.  Salah  siji  kang  paling  dikenal  ing  internasional  yaiku  seni
                   wayang. Kethoprak uga ngandhut piwulang kang becik lan  ajaran unggah-
                   ungguh  kang  migunani  kanggo  para  pamirsane,  sarta  ora  lali  kanggo
                   generasi  mudha  kethoprak  bisa  digunakake  minangka  medhia  pasinaon
                   kang becik.

                   Tugas 1 : Nintingi Struktur Teks  Drama Tradhisional
                         Struktur teks naskah kethoprak bisa disumurupi liwat unsur instrinsik
                   kang ana ing naskah. Unsur mau dumadi saka :
                         1.  Tema, yaiku gagasan pokok kang dikembangake dadi crita kang
                             digelar ing pementasan kethoprak.
                         2.  Alur,  yaiku  tata  urutan  lumakune  crita  ing  naskah/  pagelaran
                             kethoprak. Kawiwitan saka pengenalan tokoh utamane, tuwuhing
                             masalah kang dialami tokoh utama, ngrembakane masalah kang
                             saya  ngambra-ambra  ndadekake  critane  saya  muyeg,  nganti
                             mbledhose  prakara/  masalah  mau  minangka  klimaks-e.  Wusana
                             lagi  tinemu  dalan  kanggo  mungkasi  crita,  gumantung  marang
                             urutan  critane.  Sabanjure  alur  bisa  digolongake dadi  alur  maju,
                             alur mundur, lan alur campuran.
                         3.  Setting/ latar,  yaiku gegambaran swasana lumakuning crita kang
                             ginelar.  Dumadi  saka  gegambaraning  panggonan,  gegambaran
                             waktu,  lan  gegambaran  swasana  nalika  prastawa  dumadi.  Mula
                             sabanjure  setting kabedakake  dadi  telu,    yaiku:  setting waktu,


                             setting  panggonan, lan setting swasana.
                         4.  Penokohan, yaiku nggambarake sapa sing dadi rol utawa paraga
                             utama,  paraga  panyengkuyung,  sarta  nggambarake  kepriye
                             watak,  lan sipate saben tokoh.
                         5.  Amanat,    yaiku  pesan  moral  kang  kinandhut  ing  crita  utawa
                             pementasan kethoprak. Pesan moral iki kang sabanjure bisa dadi
                             tuntunan tumrap sapa bae kang nonton.







                   Kirtya Basa IX                                                        31
   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13