Page 5 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 5

Kleting Kuning     : Kula  mboten  bali  yen  anak  sampeyan  mboten  ditari
                                dhisik.
            Mbok Randha        : Yo daktarine anakku, muga-muga aja gelem!
            Mbok Randha marani panggonane Andha-Andhe Lumut, banjur nembang:
            ”Putraku  si  Andhe-Andhe  Lumut.  Tumuruna  ana  putri  kang  ngunggah-
            ungahi putrine kang ala rupane. Kleting Kuning iku kang dadi arane .”
            Andhe-Andhe Lumut  :  Kula tampa mbok, kula dakmudhun, nemoni calon
                                  garwaku.
            Mbok Randha         : Piye to le, le! Sing ayu-ayu padha koktampik bareng
                                  sing  elek  rupane  isih  mambu  telek  malah  ditampa.
                                  Simbok gela le...!
            Andhe-Andhe Lumut  :      Mbok sakniki kula dakngomong mbok. Sampeyan
                                  dereng ngerti, satenane kula niki putra saking kraton
                                  Jenggala. Dene nami kula Panji Asmara Bangun.
            Mbok Randha         : Allah  Gustiii....  nyuwun  ngapunten.  Den...,  kula
                                  mboten ngertos Den!
            Andhe-Andhe Lumut  : Mbok, niki sejatosipun garwa kula naminipun Dewi
                                  Sekartaji
            Mbok Randha         : Punika    Den  Ayu  Sekartaji....?    Nyuwun  ngapunten
                                  Den   Ayu,    kala   wau    kula   degsiya   kaliyan
                                  penjenengan!
            Kleting Kuning      : Nggih mbok, mboten dados punapa mbok.
            Tanpa sangkan, ujug-ujug wis teka Klana Mudha Asmara.
            Klana Mudha Asmara  : Kowe  Andhe-Andhe  Lumut,  kabeh  mau  aku  wis
                                    ngerti!
            Andhe-Andhe Lumut  : Njur saiki karepmu piye?
            Klana Mudha Asmara  : Sekartaji tetep dakjaluk!
            Andhe-Andhe Lumut  :  Ora  bisa!  Dewi  Sekartaji  kuwi  garwaku,  yen  sira
                                    nekat  bebasan  ngilani  dhadhane  Panji  Asmara
                                    Bangun!
            Klana arep njotos Panji Asmara Bangun, ditamani sada lanang dening Dewi
            Sekartaji, sakala Klana Mudha Asmara kontal tiba ndhepani bumi.
            Panji Asmara Bangun  : Dhiajeng Sekartaji gandheng wus rampung, Mbok
                                    Randha dakkersakake kaboyong ing Jenggala saiki
                                    uga, kondur ana ing Tambak Baya.
            Dewi Sekartaji         : Sumangga kula dherekaken!
                                           .................





            28                                                           Kirtya Basa IX
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10