Page 6 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 6

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
                       1) Sapa paraga utama naskah kethoprak ing dhuwur?
                       2) Kepriye sipate paraga utama crita kasebut?
                       3) Sapa bae kang dadi paraga panyengkuyung ing crita?
                       4) Apa tujuane para kleting menyang desa Dhadhapan?
                       5) Apa sebab panglamare Kleting Kuning ditampa Andhe-Andhe Lumut?
                       6) Sapa sejatine  Klana Mudha Asmara iku?
                       7) Apa sebabe Klana Mudha Asmara seda?
                       8) Apa  pitutur/  pesan  moral  kang  bisa  kita  tuladhani  saka  isine  crita
                           kethoprak?
                       9) Sapa sejatine Andhe-Andhe Lumut lan Kleting Kuning kuwi?
                       10)Kepriye pungkasane nasibe  Mbok Randha Dhadhapan?


                   Kegiatan 1:  Wangun Teks Drama Tradhisional

                         Kethoprak  lan  ludruk  mujudake  saperangan  kesenian  tradhisional
                   kang isih urip lan ngrembaka ing masyarakat Jawa. Kesenian iki sanajan
                   wis  ninggal  jaman  kencana  rukmine,    nanging  isih  bisa  kita  temoni  ing
                   satengahe  masyarakat.  Diarani  seni  tradhisional  amarga  seni  kalorone
                   nggelar crita jaman biyen, kairing musik tradhisional wujud gamelan sarta
                   tetembangan,  migunakake  basa  Jawa  lan  busana  klasik  nut  jaman
                   kelakone  carita  sing  digelar.  Sing  mbedakake  antarane  kalorone  ana  ing
                   panganggone  basa  lan  jinis  tabuhan  gamelan  pangiring.  Kethoprak
                   migunakake  basa  Jawa  ragam  Solo-Jogja.  Dene  ludruk  migunakake  basa
                   Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran (jula-juli),
                   lan dibukani kanthi tari remo.
                         Kethoprak lahir watara tahun 1920 ing Solo. Ngalami jaman kencana
                   rukmi watara tahun 1950 ing Ngayogyakarta Hadiningrat. Kawitane mung
                   dadi  lelipur  rakyat  sanjabane  kraton,  nanging  wusanane  uga  narik
                   kawigaten  lan  disenengi  dening  kulawarga  kraton.  Crita  kang  diangkat
                   maneka  warna  panguripan  ing  bebrayan,  wiwit  crita  ngenani  panguripan
                   padinane  warga  biasa,  nganti  panguripane  kulawarga  kraton.  Ana  sing
                   macak dadi ratu, pangeran, putri, punggawa kraton, lan sapa bae miturut
                   peran kang diparagakake.
                         Crita  pagelaran  kethoprak  akeh  banget  upamane  crita  rakyat,
                   dongeng, babad, legendha, sejarah lan adhaptasi saka nagara manca kang
                   diowahi  nggunakake  swasana  Jawa  lan  Indonesia.  Tuladhane  karya
                   Shakespeare,  Pangeran  Hamlet,  utawa  Sampek  Eng  Tay.  Bisa  crita-crita
                   baku,  kayata  :  Darma-Darmi,  Warsa-Warsi,  Gendana-Gendini,  Abdul
                   Semararupi  (crita  Menak),  Panji  Asmarabangun,  Klana  Sewandana  (crita
                   Panji),  Andhe-andhe  Lumut,  Angling  Darma,  Rara  Mendut,  Damarwulan,

                   Kirtya Basa IX                                                        29
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11