Page 9 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 9

Gladhen:
                  Wacanen maneh kanthi setiti teks kethoprak  ”Andhe-Andhe Lumut”.
                  Sabanjure,    tintingana    struktur  instrinsike  kanthi  ngisi  tabel  ing
                  ngisor iki!

                  No.        Unsur       Idhentifikasi               Ukara
                           Intrinsik
                  1.     Tema            ......................   ........................................
                                         ......................  ........................................

                  2.     Alur/ plot      ......................   ........................................
                                         ......................  ........................................

                  3.     Setting/latar   ......................   ........................................
                                         ......................  ........................................

                  4.     Panokohan       ......................   ........................................
                                         ......................  ........................................

                  5.     Pesan/amanat  ......................   ........................................
                                         ......................   ..........................................


            Tugas 2 :  Nintingi Unsur Basa Sajrone  Teks Kethoprak

                  Kaya    dene    sawenehe     pementasan,    kethoprak    nengenake
            antawacana.  Minangka  basa  pambuka  lakuning  crita  kethoprak
            migunakake basa ngoko, nanging pacelathon antarane tokoh siji lan sijine
            tansah ngugemi unggah-ungguh basa.
                  Kethoprak  pancen  kayadene  kaca  benggala  kang  nggambarake
            kepriye mungguh tata panguripan kang sabenere ing alam gumelar. Dadi
            unggah-ungguhing      pasrawungan     ing   tengahe    masyarakat    kudu
            ditengenake kanthi mirunggan. Kapan migunakake basa ngoko lugu, ngoko
            alus  (andhap),  lan  basa  krama.  Mula  kethoprak  cocog  banget  dadi  tepa
            tuladha  tumrap  para  siswa  kanggo  mangerteni  unggah-ungguh,  tata
            krama, utawa sopan santun.
                  Kaya  kang  tinemu  ing  naskah  dhuwur,  kabeh  paragane  tansah
            ngugemi  subasita  lan  tata  krama.  Bakune  migunakake  basa  Jawa  iku
            tansah ngurmati marang sapa bae sing diajak guneman, kanthi ngasorake
            awake  dhewe.  Wujude  pakurmatan  marang  wong  liya  kasebut  kanthi
            migunakake  basa  krama,  utawa  saora-orane  nganggo  basa  ngoko  alus.
            Kajaba tumrap mitra utawa kanca kang wis akrab banget. Mitra sing kaya
            ngono mau lagi bisa nggunakake basa ngoko.


            32                                                           Kirtya Basa IX
   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14