Page 12 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 12

patih  hamengkubumi  wonten  ing  negari  Mojopahit,  awit  Nambi
                            menika prajurit ingkang sugih rekadaya tur weweka, Sinuwun.
                   RL      : Paman Ken Sora! Kenging menapa penjenengan mbelani Nambi.
                            Kula aturi mengo paman, duk campuhing perang mengsah Kediri,
                            sinten ingkang mejahi Segara Winotan lan Ranggajanur, senopati
                            agul-agulipun  Kediri?  Menapa  Nambi?  Sanes,  nanging  kula,
                            Ronggolawe. Sasampunipun Kediri bedhah, sinten ingkang mejahi
                            prajurit Tartar, prajuritipun Kubi Lai Kan? Menapa Nambi! Sanes,
                            nanging  kula  Ronggolawe.  Kula  aturi  mriksani  paman,  gigir  kula
                            taksih tatu kenging tumbakipun Ronggojanur, tangan kula taksih
                            tatu  rojah  rajeh  tatu  ing  pedhang,  awit  kinrocok  ing  gegaman
                            prajurit Tartar. Nalika semanten, kula dalasan para prajurit sedaya
                            mboten  wonten  ingkang  ningali  irungipun  Nambi.  Samenika,
                            sareng negari Mojopahit sampun madeg, Nambi ingkang mboten
                            tumut cawe-cawe rekaosipun, ngedangkrang dados patih wonten
                            ing Mojopahit. Menapa menika adil paman? Mboten!
                   LS      :  Sumurupa  nalika  semana  Nambi  antuk  pakaryan  kang  kudu
                            rumeksa kayuwanane ingkang Sinuwun.
                   RL      :  Paman  Ken  Sora,  kengeng  menapa  penjenengan  mbela  kepati-
                            pati dhumateng Nambi, paman ?
                   LS      :  Lawe, kowe aja mung nonyolake marang gedhene lelabuhanmu
                            dhewe  lan  kosok  baline  mbalekake  marang  lelabuhane  liyan!
                            Sumurupa  kemenangane  Mojopahit  iki  ora  merga  suta,  naya,
                            thok-thok  ora,  nanging  marga  saka  kita  kabeh  kang  antuk
                            pangayomaning Gusti Kang Akarya Jagat iki!
                   RL      :  Leres  paman,  lan  ingkang  Sinuwun  sanget  wicaksana  sanget,
                            sedaya ingkang sampun anggadhahi lelabetan, sampun kawisuda
                            palenggahan.  Paman  Ken  Sora  dados  Nayapati,  kula  kaangkat
                            dados  bupati  amanca  negari  wonten  ing  Tuban,  dene  ingkang
                            minulya Nambi, kaangkat dados patih hamengkubumi wonten ing
                            negari Mojopahit.
                   LS      :  Gene  kowe  uwis  ngerti,  nanging  yagene  sira  isih  kurang  trima
                            Lawe?
                   RL      :  Paman  Ken  Sora,  kabeleka  dhadha  kula,  mboten  wonten
                            seratanipun menawi kula melik lan meri dhumateng Nambi.
                   PKRJ  : Lawe, cukup! Ingsun wus nyektosi dhewe marang sepira gedhene
                            lelabuhanira !
                   RL      : Dhuh-dhuh Sinuwun, mugi wonten kepareng dalem ngluberaken
                            agenging  sih  samodra  pangaksami,  nanging  kula  tetep  mboten
                            trimah  menawi  Nambi  kaangkat  dados  patih  wonten  ing  negari

                   Kirtya Basa IX                                                        35
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17