Page 10 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 10

Basa krama lan basa ngoko alus mujudake wujud basa kurmat. Basa
                   iki  digunakake  kanggo  guneman  marang  wong  sing  luwih  tuwa,  utawa
                   marang wong enom sing luwih dhuwur kalungguhane. Ewa semono, basa
                   krama  lan  basa  ngoko  alus  uga  bisa  digunakake  dening  sapa  bae  lan
                   marang sapa bae. Wiwit wong anom marang sing luwih tuwa, lan kosok
                   baline.  Cekake  dadi  basa  universal.  Beda  karo  basa  ngoko  lugu  kang
                   panganggone  winates  mung  tumrap  kanca  sing  wis  akrab  banget,
                   guneman  tumrap  bocah  cilik  sing  durung  ngerti  unggah-ungguh,  utawa
                   marang wong sing luwih enom kang ora perlu ngatonake ajen-ingajenan.
                   Dene,  tuladhane  bocah-bocah  bisa  nintingi  saka  naskah  kethoprak  ing
                   ngisor iki.
                   Pethikan naskah kethoprak kanthi judhul ”Ranggalawe Mbalela” ing ngisor
                   iki semaken!

                                           RANGGALAWE MBALELA
                                           Dening: Yusuf Budi Santosa

















                   Adegan 1:
                   Swasana  ing  pasewakan  agung  Mojopahit,  Ronggolawe  sengaja  nelat
                   anggone sowan
                   Paraga :
                        (1) Prabu Kerta Rajasa Jayawardana (PKRJ)
                        (2) Lembu Sora (LS)
                        (3) Nambi (NB)
                        (4) Kebo Anabrang (KA)
                        (5) Ronggo Lawe (RL)

                   RL      : Kula ingkang sowan, Sinuwun.
                   PKRJ  : Kene-kene Lawe, kepara ngarsa sowanira !
                   RL      : Ngestokaken dhawuh ( Ronggolawe mingsed maju lungguhe).




                   Kirtya Basa IX                                                        33
   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15