Page 11 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 11

PKRJ  :  Nanging  sira  Ronggolawe,  yagene  randhat  sowanira  ana  ing
                     ngabyantaraningsun?
            RL     : Dhuh, dhuh Sinuwun, mugi wonten kepareng  dalem ngluberaken
                     agunging sih samodra pangaksami. Nanging tuhunipun Sinuwun,
                     wonten  salah  satunggaling  bab  ingkang  badhe  kula  unjukaken
                     dhumateng  ngarsa  Panjenengan  Dalem,  ingkang  sesambetan
                     kaliyan  keagungan  saha  kejayaning  negari  Mojopahit  ing
                     kalenggahan menika Sinuwun.
            PKRJ  :  Yen  kena  dimidhangetne  dening  para  narapraja  kabeh,  mara
                     enggal matura, Lawe !
            RL     : Atur kula menika sanes wewados, malah dhapur kapasang yogi,
                     dene  pepak  sowanipun  narapraja  sedaya,  ing  pangangkah
                     supados  saget  caos  panimbang  dhumateng  atur  kula  menika
                     mangke, Sinuwun.
            PKRJ  : Ya,ya, enggal matura, Lawe !
            RL     : Dhuh-dhuh Sinuwun, kados-kados ngimpi ing wanci melek, sareng
                     kula midhanget bilih sedherek kula Nambi, kaangkat dados patih
                     hamengku  bumi  wonten  ing  negari  Mojopahit,  marangkani
                     jumeneng  dalem  ingkang  Sinuwun  Prabu  Kerta  Rajasa
                     Jayawardana.
            PKRJ  : Heh Ronggolawe, apa kang sira karepake ?
            RL     :  Kula  paribasakaken  tiyang  tani  ingkang  kaparintah  maos  kitab,
                     utawi  brahmana  ingkang  kaparintah  nggarap  sabin,  menawi
                     Nambi  kaangkat  dados  patih  hamengkubumi  wonten  ing  negari
                     Mojopahit,  menapa  mboten  badhe  risak  tatananipun  negari
                     Mojopahit menika Sinuwun ?
            PKRJ  :  Ronggolawe,  sumurupa  yen  Nambi  kuwi  wis  gedhe  lelabuhane
                     tumprap negara Mojopahit !
            RL     :  Sinuwun,  kalenggahan  patih  menika  mbetahaken  raos  tanggel
                     jawab  ingkang  awrat.  Mboten  saget  menawi  namung  dipunukur
                     kaliyan agenging lelabetan. Kedahipun milih janma ingkang putus
                     ing  seserepan,  mumpuni  ing  reh  tatapraja  saha  kaprajuritan.
                     Mangka sanes Nambi tiyangipun, Sinuwun.
            PKRJ  : La yen dudu Nambi, banjur sapa kang sira karepake Lawe?
            RL     : Menggahing kula, mboten wonten sanes kejawi Rekyaan Demang
                     Lembu Sora
            LS     :  Heh  Ronggolawe,  aja  lancang  kowe  !  Dhuh-dhuh  Sinuwun,
                     sampun  ndhahar  aturipun  Ronggolawe  ingkang  murang  tata
                     menika.  Kula  sampun  trimah  dados  manggalaning  para  prajurit
                     Mojopahit, lan Nambi sampun nami trep menawi kaangkat dados

            34                                                           Kirtya Basa IX
   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16