Page 7 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 7

Ranggalawe, Jaka Bodho, lan isih akeh liyane. Crita klangenan masyarakat
            bisa  arupa  crita  pahlawanan,  paprangan,  lan  crita  kang  nglempengake
            bebener. Biasane ing pungkasan crita sing gawe bebener, tumindak jujur,
            lan apik antuk kamenangan.
                  Busana para paraga pemain dipadhakake karo crita kang digelarake.
            Adate  nganggo  busana  narapraja  Jawa  jaman  kraton  biyen.  Upama
            Pangeran Wiraguna, busanane nganggo busana priyayi Jawa, semono uga
            Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Yogyakarta ) lan  uga para prajurit.
            Nanging  ana  uga  busana  kang  arupa  simbol,  upamane  pawongan  kang
            wicaksana busanane ireng, pawongan suci busanane putih, pawongan sing
            kendel  busanane  abang.  Crita  Baghdad  busanane  kasebut  "Mesiran"
            nganggo busana sutra.
                  Antawacana  (dhialog)  kethoprak  uga  bisa  nganggo  tembang,  dadi
            tembang  bisa  mujudake  pangiring  adegan,  dhialog,  monolog  (rerasan
            dhewe)  utawa  dadi  narasi.  Wondene  unining  gamelan  kanggo  ngiringi
            tembang,  adegan,  ilustrasi  swasana  crita,  swasana  dramatik,  kang
            mbedakake adegan siji lan sijine.
                  Perangkat  pangiring  pagelaran  kethoprak  dumadi  saka  kendhang,
            saron, kethuk, kenong, kempul, lan gong. Para paraga kethoprak saliyane
            pinter anggone "akting" uga kudu pinter nembang lan njoged. Para niyaga,
            bebarengan  karo  sindhen  (waranggana),  ngiringi  irama  gamelan
            kethoprak.  Sanadyan  sing  dienggo  basa  Jawa  nanging  kudu  nganggo
            "unggah-ungguh"  basa.  Bisa  nganggo  basa  Jawa  ngoko  lugu,  ngoko
            andhap, lan basa krama.
                  Ing wektu saiki, ana wolak-waliking jaman, kethoprak uga nduweni
            "improvisasi" kanthi wujud dhagelan. Upamane awujud Kethoprak Humor
            ana ing siaran radhio lan televisi. Crita bakune padha nanging digelarake
            kanthi dhagelan supaya bisa nyenengake pamiarsa. Bab paugeran nomer
            loro, kethoprak mau adate wis ora nganggo unggah-ungguh basa lan tata
            krama, sing baku bisa gawe guyu. Crita lan basa ora nganggo paugeran
            baku. Mula bisa kasebut kethoprak ora jangkep.
                  Saya  suwe,  seni  kethoprak  tansaya  luntur.  Generasi  mudha
            nganggep  kethoprak  iku  tontonan  kanggo  wong-wong  tuwa.  Generasi
            mudha yen kudu nonton kethoprak rumangsa gengsi. Saka rasa gengsi iki
            ndadekake  kethoprak  dipojokake.  Kamangka  yen  dieling-eling  para
            sesepuh  biyen  anggone  merjuwangake  nganti  direwangi  tohpati
            mbudidaya  anggone  nguri-nguri  murih  seni  kethoprak  bisa  dirasakake
            dening generasi penerus.
                  Saka  kalangan  agama,  nduweni  pamanggih  liya,  yaiku  kesenian
            mligine  seni  kethoprak  iku  dianggep  ora  cocog  karo  ajaran  agama.

            30                                                           Kirtya Basa IX
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12