Page 16 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 16

Pesan Moral        ..............................................................................
                                         ..............................................................................
                                         ..............................................................................

                   Tugas 2 : Nyalin Teks Menyang Aksara Jawa
                         Tindakna pakaryan iki:
                         Pethikan crita ing ngisor iki wacanen, banjur salinen menyang aksara
                         Jawa!
                             Nambi, kowe mesthine kenyonyok rasaning atimu, nanging dudu
                            kuwi kang dakkarepake. Aku lan kowe tetep rowang Nambi, kang
                            ora  nate  benthak  sirah.  Yen  ana  kepencoking  kewuh  yen  perlu
                            daktohi pati. Nanging Nambi, yen kowe ora trima marang ucapku
                            iki, sesuk apa saiki, awan apa bengi, lan ana ngendi panggonane,
                            aku ora bakal gigrig ngadhepi kowe, Nambi!


                   Kegiatan 3 : Mentasake Crita Kethoprak Bebarengan

                         Pasinaon  bab  drama  tradhisional  iki  kudu  dikembangake  lumantar
                   pamentasan,  menehi  komentar  babagan  pamentasan,  lan  uga  nyusun
                   skenario utawa naskah drama tradhisional.

                   Tugas 1: Mentasake Crita Kethoprak

                        Tindakna miturut prentah ing ngisor iki!
                       1)  Gawea klompok, saben klompok dumadi saka wong 10 – 15, banjur
                           salah siji dadi ketua klompoke!
                       2)  Ketua klompok milah lan milih anggotane sapa kang dadi sutradara,
                           lan  sapa  kang  dadi  paraga/  pemaine  miturut  dhapukane  sowang-
                           sowang.
                       3)  Wacanen  batin  kanthi  permati  lan  kebak  penghayatan  naskah
                           kethoprak  ”Gajah  Mada  Winisudha”  ing  ngisor  iki,  wiwit  kedaling
                           antawacana, sipat, lan solah bawa miturut tokoh sing diparagakake.
                       4)  Paragakna teks naskah kethoprak kasebut bebarengan klompokmu!
                       5)  Rekamen asil pamentasanmu supaya nduweni dhokumen.











                   Kirtya Basa IX                                                        39
   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21