Page 21 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 21

unggah-ungguh.
            Ra Banyak          :  Unggah-ungguh       kepanggih     wingking,    kahanan
                                  Mojopahit  kedah  dipuntengenaken…Gusti  Prabu  kula
                                  nyuwun pamit…
            Ra Kembar lan Ra Banyak budhal ngrumiyini Gajah Mada.
            Tribuwana TD       :  Gajah  Mada,  Mojopahit  ora  butuh  wong  kang  tanpa
                                  petung.  Dhawuh  ingsun  pinangka  ratu  Mojopahit,  ya
                                  mung  Gajah  Mada  kang  dadi  dutaningsun  nyirep
                                  prahara Sadeng.
            Gajah Mada         :  Sendika  dhawuh,  kepareng  nyuwun  pamit,  nyuwun
                                  tambahing pangestu…
            Tribuwana TD       :  Pangestuku mbanyu mili…

            Adegan III
            Ra Banyak          :  Adipati  Sadeng,  angklungna  janggamu  kuncupna
                                  tanganmu dak sowanake Mojopahit, mengko aku kang
                                  nanggung kaslametanmu lan nyuwunake pangapura ing
                                  ngarsane Gusti Prabu Putri Tribuwana.
            Adipati Sadeng     :  Ora  sudi  manungkul…wis  takdhadhaki  merga  Sadeng
                                  kudu  merdika,  ora  sudi  yen  ta  Sadeng  dadi  wilayah
                                  jajahan..
            Ra Banyak          :  Yen  pancen  wis  ora  kena  takendhakake  kang  dadi
                                  kekarepanmu, bangga bakal dakladeni…
            Kalajengaken perang…
            Adegan IV
            Arya Tadah         :  Gusti  Prabu  Putri  Tribuana  Tungga  Dewi..sedaya  para
                                  punggawa  sampun  ngadhep  ing  pasewakan  dinten
                                  menika,  lan  Gajah  Mada  ugi  sampun  sowan.  Gajah
                                  Mada saged nyirep reretuning Keta lan Sadeng.
            Tribuwana TD       :  Gajah  Mada,  nyata  sira  prajurit  pinunjul.  Ingsun  ratu
                                  Mojopahit  nelakake  neda  panarima  awit  lelabuhanira
                                  bisa nyirep reretune praja Mojopahit….
            Arya Tadah         :  Gusti  Prabu,  gandheng  praja  Mojopahit  sampun
                                  tentrem, kula Arya Tadah mangsuli rembag bab anggen
                                  kula  munjuk  serat  undur  dhiri  ing  ngarsanipun  Gusti
                                  Prabu, awit sampun wancinipun Mojopahit dipunpimpin
                                  para mudha.
            Tribuwana TD       :  Kabeh  wis  ingsun  penggalih  paman,  mula  ingsun
                                  pinangka  ratu  Mojopahit  sampun  damel  layang
                                  kekancingan. Sumangga kula aturi maos paman.

            44                                                           Kirtya Basa IX
   16   17   18   19   20   21   22   23   24   25