Page 17 - TEKS DRAMA TRADHISIONAL
P. 17

Wacanen lan apalna teks drama iki supaya anggonmu maragakake mengko
            dadi becik!

                                   GAJAH MADA WINISUDA



















            Adegan I
            Gajah Mada         :    Aku  kudu  bisa…kudu  bisa…oh,  Dewata  Hyang  Agung
                                    mugi….
            Patih H Tadhah     :    Mada…
            Gajah Mada         :    Paman Patih Harya Tadhah…mangga…paman katuran
                                    pinarak…!
            Patih H Tadhah     :    Sajak kaget aku teka ing papanmu.
            Gajah Mada         :    Wanci  dalu  paman  rawuh,  kamangka  paman  Tadah
                                    taksih gerah, lan boten wonten ingkang ndherekaken,
                                    menika ingkang damel kaget.
            Patih H Tadhah     :    Mada,  larane  ragaku  ora  sepiroa  yen  katimbang
                                    klawan  lelakone  Mojopahit….ya  bengi  iki  wektu  kang
                                    prayoga kanggo ndandani Mojopahit.
            Gajah Mada         :    Paman…
            Patih H Tadhah     :    Mada, mangertia yen aku wis munjuk nawala undhur
                                    dhiri  ing  ngarsane  Gusti  Prabu  Putri,  minta  lengser
                                    saka  kalungguhan  mahapatih  Mojopahit…lan  Gusti
                                    Prabu Putri wus nyarujuki…
            Gajah Mada         :    Paman badhe lengser?
            Patih H Tadhah     :    Bener,  aku  wus  yuswa  nengahi,  ragaku  wis  ringkih,
                                    pamikirku  wis  ora  trewaca,  wus  ora  jumbuh  lan
                                    kahanan  Mojopahit  kang  lagi  mbutuhake  narapraja
                                    kang  tangguh  kanggo  kajayaane  Mojopahit.  mula
                                    Mada, sawegaa….gumanti kalungguhane pun paman…
            Gajah Mada         :    Kula?


            40                                                           Kirtya Basa IX
   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22