Page 312 - BUKU III BAHASA JAWA
P. 312

Pewara (pranatacara)
                             Tembung pranatacara iku asale saka tembung lingga tata
                             lan  acara.  Tata  tegese  tatanan,  dene  acara  ngemu  teges
                             pahargyan. Dadi tembung pranata cara mau ngemu teges
                             wong sing kajibah nata lakune adicara. Pranatacara uga
                             bisa karan pranata adicara, pranata titilaksana. Dene ing
                             Basa  Indonesia  diarani  Pewara,  lan  ing  Basa  Inggris

                             diarani  Master  of  Ceremony  (MC).  Ing  jaman  saiki  akeh
                             acara-acara  kang  mbutuhake  pranatacara,  kayata:
                             adicara    ijab,   temu    manten,      sepasaran     manten,
                             tasyakuran, pengajian, wong kepaten, sunatan, rapat, lan
                             liya-liyane.








                          Struktur Teks Pranatacara
                          a. Pambuka

                          Sing kudu diandharake dening pranatacara ing pambuka yaiku:
                                  1. Salam pambuka
                                  2. Atur pakurmatan marang sing padha rawuh
                                  3. Ngaturake pepujen marang Gus
                                  4. Ngaturake panuwun marang para kang kepareng rawuh

                                  5. Mbabar dhiri
                                  6. Nyuwun palilah
                                  7. Ngandharake karep minangka dadi pranatacara
                          b. Rantaman Bakune Adicara
                          Bakune adicara kang bakal di ndakake ing sawijining adicara kudu diwaca lan

                          diandharake kanthi urut lan runtut, supaya sapa wae sing mangkone
                          duwe jejibahan jroning adicara bisa samapta ing karya lan sawega ing dhiri.
                          c. Panutup
                          Sing diandharake jroning panutup yaiku:
                          Nyethakake purnaning adicara lan wusanane

























                                                                                                                14
   307   308   309   310   311   312   313   314   315   316   317